Lihat ke Halaman Asli

khumaediimam

Teruslah menebar kebaikan, karena kebaikan yang mana yang diridhai, tiada kita tahu

Puisi Brebesan: Dina Sing Wis Tuwa

Diperbarui: 3 September 2019   08:07

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Wis pirang-pirang tanggalan tak lewati. Wis pirang-pirang jaman tak alami. Wis segudang kedadian, enyong menangi. Ngemutna umur sing saya ngurangi.

Meneng, ngaca neng kamar sepi. Pesam pesem ora ana arti. Kabeh minggat ora krasa. Umur karo jaman buyar ora dirasa. Jebelu dina sang saya tuwa.

Rambut wis ganti kelir. Golongan wis pada munggah. Awale golongane A: Apik, Ayu, Atos, Akas, Atas. Saiki munggah golongan B. Wis mulai budeg, besar-beser, bengkuk, botak, blaruk-blaruk. Malah wis pada golongan C. Mlakune wis cenggang-cenggeng. Crat-crut, car-cur, cimak-cimik, ceglak-cegluk.  Kari nunggoni golongan D. Diadusi, dikafani, disholati, diurugi.

Cuma sinawang, gemiyen katon rosa. Saiki wis ora ana daya. Sa rosane tenaga, ora bisa ngentasna badege awak saka neraka. Cuma iman karo amal sing pan njaga.

Dina sing wis mereki. Dunya ora bisa digatoli. Umah sing magrong-magrong, mobil sing kinclong-kinclong, duit sing sa kantong, ora bakal bisa nambali ibadah sing pada bolong. Apa maning bojo sing moblong-moblong, kabeh menungsa bakale digotong. 

Sa serotan ambekan sing esih dirasa, kuwe nikmat sing laka-laka. Setumpuk angen-angen buyar, sejuta pengarepan wis ilang gandrang. Pikiran saiki mung bisa nerka-nerka. Kapan ajal pan teka?

Wangandalem, 03 September 2019

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline