Lihat ke Halaman Asli

Khoirul Taqwim

Mahasiswa Pascasarjana UIN Raden Mas Said Surakarta

Blokir WA

Diperbarui: 27 Mei 2023   06:50

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com


Tak rasakne awahku karo kowe
Rasane nyoso jeru
Koyok wong kedanan
Seng ora genah
Turut ratan mlaku ora ono tujuan
Amergo kedanan karo kowe seng tak tresno
Nanging kowe malah lungo
Aku ora ngerti lungomu nang endi paran
Sampek WA ku boh blokir sepihak
Tanpo ngomong karo aku
Seng sah iki loro tresno
Loro tresno jerune koyok palung nang ngisor jurang

Terus piye aku
Loro ati seng ke kuyo-kuyo
Ora ono solusi seng ngasilne dua arah
Nanging iki solusimu dewe
Blokir WA sepihak
Tanpo persetujuanku
Bar ngono kowe ngilang
Aku ra ngerti lungomu
Amergo kowe lungo tanpo pamitan karo aku

Blokir WA
Iku seng boh lakoni kowe karo aku
Mikirmu mung sepihak
Jere biyen nah ono masalah di rembug bareng
Neng nyatane kowe blokir WA sepihak
Kowe lungo dewean
Tanpo aku ngerteni nang endi paranmu

Sepurone
Nah aku boh anggep ganggu privasimu
Nanging lungomu lan blokir WA ku
Aku mundah nyesek nyoso jeru
Rasane ati seng angel ngikhlasne lungomu
Seng ora tak ngerteni nang endi paranmu sah iki
Sepurone nah Kowe zo loro ati karo aku
Nanging sek tak ngerteni
Aku wes merjuangne entek-entekan
Nanging hasile kowe lungo karo blokir WA ku
Sampek aku ra ngerti kowe ngilang nang endi paran
Seng gowo tresnoku
Sampek rasane ajur-ajuran
Seng tak rasakne jeru
Jerune koyok palung nang ngisor jurang




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline