Lihat ke Halaman Asli

Kaindra Verrell J.S

Belum memiliki pekerjaan

Lomba-Lomba Unik lan Menarik Ing SMAN 3 Malang

Diperbarui: 24 Agustus 2023   13:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

SMAN 3 Malang inggih punika salah setunggal SMA nagari wonten kitha Malang ingkang dipuntepang dados salah setunggal SMA favorit wonten kitha Malang. Ing SMAN 3 Malang wonten kathah sanget event-event menarik lan seru ingkang dipunlampahaken lan dipunwontenaken sae dening pihak sekolah, pihak OSIS sekolah, utawi dumugi pihak saking jawining sekolah SMAN 3 Malang. Wonten kathah sanget event ing SMAN 3 Malang ingkang menarik sanget lan ngremenaken sanget, kados event B-NIGHT, event PSCS, event DBL, event Bedhol, lan taksih kathah event-event menarik lainipun. Nanging saking banyakipun event-event SMAN 3 Malang kasebat kula milih kangge mbahas salah setunggal event SMAN 3 Malang ingkang ugi mboten kawon menarik lan ngremenaken, event ingkang dipunmaksud kasebat inggih punika event lomba kangge ngrayakaken HUT SMAN 3 Malang dhateng 71 warsa lan kangge ngrayakaken HUT nagari Indonesia dhateng 78 warsa. Lomba-lomba kasebat dipunlampahaken kalih tujuwan kangge ngramekaken acara HUT SMAN 3 Malang saha HUT nagari Indonesia. Lomba-lomba kasebat dipuntumuti dening perwakilan saben kelas, wiwit saking kelas 10, kelas 11, lan kelas 12 SMAN 3 Malang. Nanging, lomba-lomba ingkang dipunwontenaken kasebat unik sanget lan benten kalih lomba-lomba ing umumipun.

Lomba-lomba ingkang dipunwontenaken kangge ngramekaken HUT SMAN 3 Malang lan HUT nagari Indonesia kasebat dados unik lan benten amargi lomba-lomba kasebat sampun dimodifikasi dening pihak sekolah SMAN 3 Malang, dening pihak OSIS SMAN 3 Malang, lan dening pihak panitia lomba. Lomba-lomba kasebat inggih punika lomba bal-balan corong ingkang dipuntumuti 10 perwakilan murid saben kelasipun, lomba hula hoop ditarik ingkang dipuntumuti dening 10 perwakilan murid saben kelasipun, lan lomba bal lebet jaring tosan ingkang dipuntumuti 10 perwakilan murid saben kelasipun. Sedaya lomba-lomba kasebat dipunlampahaken ing sasampunipun dilakukanipun lomba ndamel tumpeng (ing wekdal siyang dinten) lan dipunlampahaken ing lapangan SMAN 3 Malang. Sanadyan dipunlampahaken ing wekdal siyang dinten, nanging peserta-peserta lomba tetep ngikutinipun kalih kebak raos remen, sengkuyung, lan kalih antusias ingkang ageng sanget. Sedaya peserta ugi numuti lan nglampahaken lomba kalih tetep ngutamikaken jujur lan mboten tindak curang wekdal kegiatan lomba dipunlampahakendening panitia pelaksana lomba. Wekdal jalanipun lomba, kita sedaya ugi dipandu dening PPB (Putra Putri Bhawikarsu) ingkang dados pengarah salami jalanipun lomba.

Nanging midherek pendapat kula, lomba ingkang paling ndamel kula remen inggih punika lomba bal-balan corong, amargi midherek kula lomba kasebat inggih punika lomba ingkang paling unik saha paling menarik. Lebet lomba kasebat pesertanipun dipunkedahaken kangge ndolanaken dolanan bal-balan kados ing umumipun. Nanging ingkang mbentenaken lomba puniki kalih dolanan bal-balan biasanipun inggih punika ing peraturan wonten pundi kita kedah ngangge corong ingkang dipasang didepan rai kita. Tujuwan saking digunakanipun corong kasebat inggih punika kangge nyisah-nyisahi pemain lebet sumerep bal lan ngeding bal tumuju gawang lawan.

Ing wekdal menika, kula hanipun milih kangge numuti lomba bal-balan corong. Amargi midherek kula lomba bal-balan corong ketingal menarik lan ketingal ngremenaken. Dados kula nggadhahi gambaran bab lomba bal-balan corong puniku piyambak. Nanging kula mboten numuti kangge lomba sanesipun, kados lomba hula hoop ditarik, saha lomba bal lebet jaring tosan. Mila ndamel kula kirang sumerep ajeng cara dolanan lan syarat dolanan ingkang kedah dipunlampahaken dening pemain.

Midherek kula, lampahan lomba-lomba kangge ngramekaken HUT SMAN 3 Malang lan kangge ngramekaken HUT nagari Indonesia inggih punika sampun sae sanget. Lomba-lomba kasebat sampun dimodifikasi kalih menarik lan unik supados nantinipun peserta lomba angsal tertarik lan mboten bosen kalih model lomba ingkang lami. Harapanipun, lomba-lomba kados puniki tetep dipunlampahake lan tetep dipunpertahanaken ing warsa ngajeng selanjutipun lan mungkin dimodifikasi malih supados nantinipun angsal dados langkung unik lan langkung menarik malih.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline