Lihat ke Halaman Asli

Zahrotul Mujahidah

TERVERIFIKASI

Jika ada orang yang merasa baik, biarlah aku merasa menjadi manusia yang sebaliknya, agar aku tak terlena dan bisa mawas diri atas keburukanku

Ayo Dhedhe, Mbakyu-Kangmas! Orasah Wedi Ireng!

Diperbarui: 10 April 2020   17:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilustrasi: ugm.ac.id

"Wadhuh...kok ndadak dhedhe to?"

"Ben sehat lan kebal awake, mbakyu. Ora kena virus Corona"

"Tapi yen dhedhe jam sepuluhan kan isa ireng. Gosong aku mengko."

Ing sakiwa tengene awake dhewe, kerep ana sing ngeyelan yen didhawuhi. Dijak dhedhe miturut imbauan petugas kesehatan we angel. Padhahal yen dhedhe kan marakake awak sehat.

Orasah ndadak kemaki lan kemayu, wedi ireng lan gosong awake. Yen akhire rada ireng ya ora papa kan? Sing penting sehat, kuat. 

Wong bule wae seneng dhedhe kok, mosok awake dhewe ora. Perkara ireng kan emang gawan seka kanane. Wong sing lair lan urip ing Indonesia iku awake cenderung sawo matang. 

Dhedhe iku ora butuh wektu suwe kok yoan. Cukup sepuluh tekan limalas menit. Awak isa kringeten lan kandungan Vitamin saka srengenge marakake awak luwih sehat lan daya tahan tubuh luwih sip.

Dhedhe kuwi dhewe akeh manfaate. Sami pirsa to nggih? Miturut informasi sing dakwaca ing mbah google, manfaat dhedhe dak jlentrehke ya!

Srengenge iku bisa mbiyantu awak anggone gawe Vitamin D sing alami. Kuwi wis diwulangake ibu lan bapak guru, pas isih SD. 

Ping pindho, bisa ngurangi tingkatan depresi. Awake dhewe ngerti dhewe yen depresi malah bisa marakake awak ora sehat. Yen lara pikir, dadi lara awak. 

Isih kaitan karo ngurangi depresi, srengenge bisa marakake ati seneng lan tenang, tentrem. Yen wis mengkono, wong sing seneng dhedhe mesti kualitas istirahat lan sarene luwih apik. Dadi awak luwih bugar lan fit.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline