Lihat ke Halaman Asli

Zahrotul Mujahidah

TERVERIFIKASI

Jika ada orang yang merasa baik, biarlah aku merasa menjadi manusia yang sebaliknya, agar aku tak terlena dan bisa mawas diri atas keburukanku

Pepesthen Mbak Hana

Diperbarui: 12 Desember 2018   19:23

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

www.bustle.com

Ing kampungku ana piyayi setri kang yuswane nyedhaki seket tahun nanging durung emah-emah. Kanca saumure wis padha kagungan putra. Malah ana sing wis kagungan wayah.

Seka pekabaran rikala dheweke isih timur, dheweke, mbak Hana, wis arep emah-emah. Nanging ibu bapane ora paring restu. Ibu bapane ngrumangsani dadi keluarga sugih lan sukses. Ibu bapane kagungan kersa menawa putra mantune uga kudu wong sukses lan sugih. Padhahal wong sing ditresnani mbak Hana seka keluarga sing ekonomine prihatin.

Dheweke susah lair batin. Wong sepuhe ora paring restu. Sing marakke sansaya susah, wong kang ditresnani malah emah- emah karo wong liya. Dheweke ora trima pepesthen kang ditandang.

Saiki penggalihe mbak Hana dadi rada keganggu. Menyang ngendi wae dheweke nembang utawa nggedumel. Aku dhewe ora ngerti lagu sing ditembangke. Yen dak rungokake suarane ya endah. Apa maneh yen nembang samrohan. Jos tenan.

Ah... Mesakke tenan. Aku prihatin ngerteni kondhisine. Amarga ibu bapane malah ndadekake dheweke kaya ngono.

Wiwit aku cilik nganti aku wis bebrayan lan duwe anak, dheweke isih nembang- nembang lan nggedumel neng andhing surau kampung. Sajake golek kanca ngobrol.

Mbak Hana, aku prihatin karo dheweke. Apa wae kang dilakoni keluarga ora bisa mbalekake kondhisi mbak Hana kaya biyen. Iki dadi pelajaran kanggo tangga teparo aja nganti kedaden sing mbak Hana lakoni dibaleni maneh. Anak iku amanah seka Gusti Allah. Kudu dijaga, diopeni lan dikandhani kanthi cara kang apik.
---

(Translate Indonesia)

Takdir Mbak Hana

Di kampungku ada seorang perempuan yang memasuki usia lima puluh tahun tapi dia tak kunjung menikah. Sementara teman seumurannya sudah berputra, bahkan sudah memiliki cucu.

Dari kabar yang ku dengar dulunya dia akan menikah. Dia sudah menemukan tambatan hatinya tetapi orangtuanya yang merasa kaya dan sukses sehingga tak memperbolehkan dia menikah dengan sang pujaan hati. Orangtuanya menginginkan punya menantu dan besan yang juga sukses dan kaya. Bertolak belakang dengan kondisi keluarga kekasihnya.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline