Lihat ke Halaman Asli

Jauza Rahma

siswi smanti

Makna Ingkang Kekandhut Ing Lebeting Logo lan Moto SMA Negeri 3 Malang

Diperbarui: 22 Agustus 2023   13:45

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

SMA Negeri 3 Malang, mesthi sampun mboten asing malih kalih nami SMA setunggal puniki kan? Sekolah menengah inggil ingkang papan ing malang, utawi langkung leresipun ing ratan Sultan Agung ler no. 7 puniki dados salah satunggaling sekolah paling sae lan ingkang paling kathah dipunminati ing kitha malang, malah dumugi propinsi jawi wetan.

Sekolah ingkang dipunbangun ing warsa 1952 puniki nggadhahi kathah siswa siswi ingkang pastinipun berprestasi lan nggadhahi akhlak ingkang sae, cocog kale wastananipun, "pejuang bhawikarsu".

Bhawikarsu piyambak nggadhahi kepanjangan inggih punika bhaktya, widagdha, karya, lan sudhira. Bhawikarsu dipunpendhet ngangge basa sansekerta ingkang nggadhahi artos kados puniki: Bhaktya ingkang artosipun siswa lan siswi SMA Negeri 3 Malang inggih punika siswa siswi ingkang bektos lan bertakwa, Widagdha ingkang artosipun siswa lan siswi SMA Negeri 3 Malang inggih punika siswa siswi ingkang gadhah elmi kawruh ingkang ajeng sinau lan gadhah gina kangge masyarakat, Karya ingkang artosipun siswa lan siswi SMA Negeri 3 Malang inggih punika siswa siswi ingkang ajeng bekerja keras, lan Sudhira ingkang artosipun siswa lan siswi SMA Negeri 3 Malang inggih punika siswa siswi ingkang gadhah sifat wantun berjuang lan nggadhahi manah ingkang teguh.

Moto lan makna "Bhawikarsu" piyambak sedayanipun wonten lan dipundamel adhedhasar logone SMA Negeri 3 Malang. Mesthi sampeyan-sampeyan sampun mboten asing kalih logo SMA Negeri 3 Malang, sanes? logo ingkang nggadhahi 3 warni khas puniki ugi nggadhahi kathah artos didalamipun lho! Ayok kita kupas setunggal setunggal!

Pertami-tami, 3 warni kas ingkang wonten ing logo inggih punika warni biru, jene, lan abrit inggih punika lambang kemurnian jiwa nemneman siswa lan siswi SMA Negeri 3 Malang. Bilih dipuntingal langkung tlatos malih, wonten pinten-pinten warni sanes ingkang wonten logo ingkang pastinipun saking piyambak-piyambak warni kasebat nggadhahi makna, ing antawisipun: warni pethak ingkang melambangkan kesucian, warni biru melambangkan kerjenihan, warni abrit melambangkan kawantunan, warni cemeng melambangkan kantos, warni jene ingkang melambangkan kamulyan, lan warni ijem ingkang melambangkan kesuburan. Ing pundi saking sadayaning warni puniki ugi melambangkan wargi SMA Negeri 3 Malang.

Lajeng salajengipun wonten pinten-pinten elemen ingkang wonten ing logo kados sekar, bangunan, rantai, lan tugu ingkang piyambak-piyambak nggadhahi makna dados puniki:

  • Sekar kalih 4 ron ingkang melambangkan unsur keilmuan ing Sekolah Menengah Atas (SMA) inggih punika elmi mesthi, elmi basa, elmi kawruh alam, lan elmi kawruh sosial.
  • Tangkai sekar ingkang nggadhahi 2 ron melambangkan putra lan putri SMA Negeri 3 Malang.
  • Latu nyala ingkang melambangkan sengkuyung siswa siswi SMA Negeri 3 Malang kangge sinau lebet mbujeng gegayuhan.
  • Bangunan gedhong kalih pilar penyangga awujud wicalan romawi III ingkang melambangkan gedhong SMA Negeri 3 Malang dados papan siswa lan siswi sinau.
  • Rantai melambangkan raos persatuan, pasedherekan, saha kekeluargaan kangge sedaya wargi SMA Negeri 3 Malang.
  • Tugu ingkang melambangkan papan SMA Negeri 3 Malang celak kalih tugu nasional Malang.

Nah, sasampunipun kita ngertos bab makna ingkang kekandhut ing logo lan moto SMA kita, mila kita dados siswa siswi SMA Negeri 3 Malang sampun namung ngangge lan sanjangaken logo saha moto SMA Negeri 3 Malang, ananging kita ugi kedah nerapaken sadayaning bab kasebat dhateng lebet gesang sadinten dinten kita.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline