Tengara Tengah Wengi
Swara kenthongan kitir matalu talu
Swara jangkrik sesautan nambahi rasa tintrim wengi iki
Sang sitaresmi padatane mesem sumilak
Saiki saparan paran anggone ndhelikake awak
Lawang-lawang den tutup dhipet
Damar senthir mobat mabit katerak anggin kang lumebu saka ngisoring lawang kang bolong
Swara jingklong mbrengengeng sesautan sajroning senthong
Lawa kalong sesautan pating kleper ing wit kamplong
wengi sangsaya tintrim
Reeep sirep