Pambiji baka siji
Siji baka siji driji miwiri
Kertas meh ewon lembar yekti
Saben wangsulan ing lembar kertas dak titi
Ya amung paring pambiji
Najan durung nyedhaki ekspektasi utawa pangarepe ati
Nanging kudu paring pangaji.
Jejere dwija basa Jawa ing iki mangsa
Ora pareng nelangsa
Sanajanta siswa sing paham nora sepira.
Nanging saorane isih bisa paring wewarah