Lihat ke Halaman Asli

Aja Tega ning Larane

Diperbarui: 4 Februari 2018   22:35

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Poto Istimewa

WONG CILIK kayong lagi pada rumangsa susah, kaya-kaya ketiban blaik saporet-poret. Rejeki seret sing dadi alasan. Ora adoh-adoh, tanggane nyong dewek, kayong lagi pada suker. Wetan umah, kandane rugi gedean nandur bawang. Sebelah Kulon, ngojar kaliren merga ora bisa mangkat mayang segara maning. Prau dogole juragane wis distop melaut pemerintah. Tangga Lor, geger banyu sawah lagi angel, musim rendeng tapi rasa ketiga merga saluran ploene garing laka banyune. Samono uga, tangga tepang Kidul ngresula dagangan saiki sepi gara-gara ana warung modern sing buka sadina-sawengi dur-duran.

Lamon dipikir-pikir kayong ana benere. Nyong dewek sing krungu kayong gegawa kerasa pailane. Mung ya kudu akeh sukure, kurangi sukere. Anggap bae lagi kenang cobaan, pasrah karo Sing Gawe Urip. Jare ustade ngomong ana perintah Alquran, ndawuhe Gusti Allah sapa sing sabar lan sukur, bakal ditambahi nikmat. Mung ya memang kudu ikhtiar introspeksi. Samono uga sing lagi duwe kuasa ya kudu melu mikir, aja mukir bae.

    Kanda regan bawang murah, sebenere wong tani ya wis apal jipal. Wiwit gemien ya wis sering kedadian. Alesane ya ulek udeng kaya kue bae, bawang murah karena produksi dan stok yang melebihi kebutuhan. Wayah saiki, Kementerian Pertanian ngabari ketersediaan bawang merah nasional awit Desember 2017 anjog 123.849 Ton. Padahal, kebutuhan bawang merah mung 109.437 Ton. Artine, stok bawang merah masih turah nganti 14.412 ton meleg-meleg.

    Baranganuke, perkiraan stok nasional wulan Januari sampe Maret 2018 anjog 339.386 ton. Perkiraan kebutuhan berjumlah 300.841 ton. Kan berati masih nyanding stok bawang merah sebanyak 37.556 ton anjoge wulan telu mben. Kanda swasembada tah ndean aman, tapi anjoge wong tani, rugine ora kira-kira. Umume sakilo Rp 14 ewu nembe balik modal, kie sampene kongseb sasore sapuluh ewu.

    Awit gemien ya sebenere wis sering diomongna solusine. Pemrentah kudu bisa mengendalikan harga. Aja mung ari regan larang tok, langsung impor. Sing ning duwur ya ndadak pada sibuk langsung mudun nganti sawah kabeh. Samono uga, bawang murah yang pantes-pantes dikendalikan. Wiwit wayah tandur kudu diukur, Brebes samene ton, daerah lain samene ton dadi konangan bakal metu samene ton. Wayahe ya dibagi, wulan kie Brebes, wulan kae liyane. Kan tata blih..?

    Ngger wis kedaden kaya kie kudune segera diserap Bulog. Dibenahi cool storage apa diekspor ndeleng jagad. Toli aja nganti nggal taun, ya kudune digawe aturan, harga ambang batase. Paling murah kudu minimale samene. Aja dijor klowor. Kudu, tega ng larane ora tega ning patine.

    Apa lagi nglakoni wangsalan mikul duwur mendem jero? Ala ya mbuh!! (*)




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline