Lihat ke Halaman Asli

Panguripan

Diperbarui: 25 Desember 2022   21:13

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Dening : Arvani Irhas

Saben wengi saben dina dilakoni
Mlaku rana-rene karo ngati-ati
Ngayam-ayam ora kejegal watu kali
Supaya ayem ora mangan ati

Wejangan nylesep ning sukma
Babagan rekasa, wis bisa dikulinakake
Sayuk rukun dadi kanca
Tlaten lan ajeg nerus mergawe

Gusti boten sare
Antep karepe ati, mesti ana dalane
Dhengak hasta nidikara
Urip santosa ora cilaka

Manungsa

Dening : Arvani Irhas

Manungsa bisa kajarwa menus-menus nanging ngangsa
Kaya-kaya urip iku ora sedela
Njur ora eling mring titahing sang kuasa


Manungsa
Uripmu kadya wayang kang lumaku marang dalang
Goleko dalan ingkang padhang kang rukun karo sanak kadang
Manungsa


Elinga urip iku mung mampir ngombe
Aja mung tumindhak saudelmu dhewe
Urip iku ora suwe
Mesti bakal bali menyang asale




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline