Lihat ke Halaman Asli

Ira Oemar

TERVERIFIKASI

[Boso Suroboyo-an] Cak Fathonah Pancen Mokong Tenan!

Diperbarui: 24 Juni 2015   12:42

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1370041928950702591

[caption id="attachment_257235" align="aligncenter" width="630" caption="(foto : www.metrotvnews.com)"][/caption]

(Dalam rangka HUT kotaku tercinta, Surabaya, yang ke-720 tahun, 31 Mei 2013, aku menulis dalam boso Suroboyoan. Arek Suroboyo selalu bangga ngomong dengan dialeg Suroboyoan. Artikel ini ditulis kemarin tapi baru sempat di posting hari. Happy belated anniversary Suroboyo-ku!)

Markonah ngguyu ngakak, si mbokne nganti kaget. Laopo Markonah ndelok tipi kok ngguyu dewe nganti ngakak. Padahal sing di tonton acarane berita dhudhuk lawak. Tibha’e nang tipine Pak Brewok disiarno rekaman video CCTV ne KPK. Nang video iku ono gambare Cak Fathonah mbujuki pegawai KPK. Pura-pura turu nang ngisor mejo, padahal ngincer dokumen BAPK (Berita Acara Pemeriksaan Keterangan). Pas ibu penyidik KPK sibuk gak nggatekno, Cak Fathonah njupuk dokumen BAP trus dilebhokno nang njero jaket putih, klambi tahanan KPK. Tapi Cak Fathonah gak rumangsa nek kelakuane direkam kamera CCTV.

Bhar nyolong BAP, Cak Fathonah metu teko ruang pemeriksaan. Ketok dokumene digulung, dicekel tangan tengen. Cak Fathonah sik gak rumangsa nek kabeh ruangane KPK ono CCTVne. Sakjane Fathonah iki pinter opo goblog yo? Cak Fathonah trus nang ruang bezuk rutan KPK, ketemu karo pengacarane, Ahmad Rozi. Bhar salaman lan rangkulan, dokumene dikekno nang Rozi, pesene “pelajarono”.

Kronologis ceritane ngene : sedino sak bhar e ditangkep KPK, Cak Fathonah diperikso penyidik. Trus ndilalah njaluk pemeriksaan mandeg dhiluk soale dhe’e kesel, pengen istirahat. Penyidik nyanggupi. Trus Cak Fathonah njaluk ijin turu nang lantai, sementara penyidike sing wong 2 metu sedhiluk. Nang ruangan kari penyidik wedhok sing sibuk merikso berkas-berkas penyitaan, soale bhar ono penyitaan. Lha pas si ibu penyidik iku sibuk, Fathonah ngadheg trus njupuk dokumen BAPK. Nekad tenan Cak Fathonah iki., sik nembe sedino sewengi ditahan wes wani nyolong, nang gedung KPK pisan!

Isine BAPK iku perkoro duit sak milyar sing diakoni sumbangane Fathonah gawe kinerjane PKS. Kabare iku BAP pas disidik Kompol Novel Baswedan. Wah, yo iku kan penyidik KPK sing “anteb” Cak! Poleh pengacarane melu diperikso KPK. Lha pengacarane gak rumangsa salah, soale gak ngerti nek iku asale barang colongan. Opo maneh kolo iku jare Rozi si Fathonah nangis-nangis ngguguk. Oalaaah..., bhar licik mbujuki penyidik KPK, trus nyolong BAPK, kok yo sik iso pura-pura nangis.

[caption id="attachment_257236" align="aligncenter" width="296" caption="Ahmad Rozi pengacarae Cak Ahmad Fathanah (foto : nasional.news.viva.co.id)"]

13700420571235842198

[/caption]

Nurut keterangane Rozi, dokumen iku njur dikekno nang pengacarane Pak LHI, Zainuddin Paru. Akhire dokumen itu nyebar nang kabeh pengacara poro tersangka, dipotokopi, diwoco, dipelajari gawe madhakno kesaksian. Lucune, pengacara poro tersangka korupsi iku ngakune gak weruh nek iku BAPK. Karo pengacarane LHI, BAPK iku digawe bahan pembelaan. Jarene Zainudin Paru, iku gak nyalahi aturan mergo dhudhuk hal sing substansial nang materi perkoro.

Bhar diperikso KPK, Ahmad Rozi takok nang Cak Fathonah “Jarene ente nyolong dokumen. Dokumen opo seh?”. Dasar Fathonah ndableg, santai ae dijawab “Yo iku dokumen sing tak kekno awakmu”. Pengacarane gedheg-gedheg : “Wah, ono-ono wae ente iki, Cak!”

Masalahe, saiki BAPK sing dicolong Cak Fathonah lan wes nyebar nang pengcara poro tersangka, digawe madhakno kesaksian. Contone terdakwa Arya Abdi Efendi, nang BAP asale ngaku duit 1 milyar iku gawe keperluane Luthfi (LHI), tapi pas Pebruari 2013, keterangan iku dicabut lan diowah jarene duit 1 milyar iku gawe biaya seminar lan bantuan kemanusian nang Papua lan NTT.

Masio wes diputer rekaman CCTV Fathonah nyolong BAPK trus dikekno Ahmad Rozi, njur Rozi ngaku dikekno maneh nang Zainudin Paru pengacarene LHI, terakhir pengacarane terdakwa Arya Abdi Efendi – Bambang Hartono – yo ngaku pisan nek dhe’e nerimo dokumen BAPK iku teko Zainudin Paru, tapi Arya Abdi Efendi sik pancet gak ngaku nek dhe’e ngowah kesaksian mergo BAPK iku. Padahal jelas-jelas fotokopi BAPK iku ditemokno KPK nang omahe Arya pas penggeledahan tanggal 19 Pebruari. Dadi ono jeda waktu 2 minggu antara BAP Arya sing pertama karo dhe’e ngowah keterangan iku. Dasaaar..., wes dadi terdakwa, wes diputer rekamane, kok yo sik ngeles!

[caption id="attachment_257237" align="aligncenter" width="260" caption="Zainudin Paru, pengacarane Pak LHI (foto : kabarcepat.com)"]

1370042154218374805

[/caption]

Wah, pancen mokong tenan Fathonah iki. Nembe dadi tahanan sedino, wes iso nyolong BAP. Cik pintere pisan olehe gawe skenario, pura-pura kesel pengen istirahat. Nek ngono pancen asli maling tenan Cak Fathonah iki. Dhelok’en tah nek wayahe ngenteni persidangan, macak alim, gawe klambi batik sambi moco Al Qur’an cilik. Oalaaah Cak..., kok Gusti Allah sampean bujuki karo jenggotmu iku lho! Sik nembe CCTV ne KPK ae wes gak iso sampean bujuki, opo maneh Malaikat sing nang kiwo tengenmu.

Makane, saiki nek kesaksian nang persidangan bab duit sak milyar kae podo cocok kabeh alasane, wes gak usah gumun, iku pancen wes dicocokno karo pengakuane Cak Fathonah nang BAPK. Lha pengacara-pengacara iku wes podho ngaku kok. Trus, opo maneh sing iso dipercoyo? Kesaksian nang persidangan wes direko-reko. Mokong tenan awakmu iku Cak! Engko nek wes di penjara, opo maneh sing arep mbok colong? Ojo-ojo kunci gemboke sel penjara awakmu sing nyekel, sipire sing mbok lebhokno sel. Haduh! Tobat tenan! Markonah sampek bingung, enake wong koyok ngene diapakno yo? Opo digawe daging cacah ae trus dipakakno asu? Soale nek kesuwen nang ndonyo iso gawe mbludrek’e wong sak Indonesia.

Seduliur, nek sampean gak mudheng boso Suroboyoan iki, wocoen ae beritane nang kene :

1.Aksi Fathanah Mencuri BAP Terekam CCTV

2.Kisah Fathanah dan Siasat Mencuri Dokumen KPK

3.Curi BAP Ahmad Fathanah Manfaatkan Kelengahan Penyidik




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline