Lihat ke Halaman Asli

Indri Permatasari

TERVERIFIKASI

Landak yang hobi ngglundhung

Politik, Jarene Dibenci Nanging Dilakoni

Diperbarui: 16 November 2020   10:15

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

doc: VectorStock

"Pokoke aku iki wonge anti karo politik, wis benci tenan. Sak umur-umur ora arep nyenggol politik babar blas. Emoh ora sudi!!!"

Pripun? nate kepanggih priyayi model ngaten niki napa malah keleresan njenengan piyambak sing sengit ngigit-igit menawi kepanggih tembung politik?

Nganu, sabar dhisik nggih, tak copy paste riyin.

Jarene KBBI, politik/po-li-tik/n: 3--cara bertindak (dalam menghadapi atau menangani suatu masalah); kebijaksanaan.

Ora usah protes nek sing ditulis gur poin nomer telu. Nek ditulis kabeh ngko kedawan, ngebak-ngebaki, tur ora berhubungan karo sing arep dienggo bahan rasan-rasan. Wong koq mesti senenge sing mbulet tur dowo, kaya politikus wae. Sing perlu dowo ki cukup nganu kae, liyane ora usah.

Nganu ki opo? sing kudu dowo ki yo jelas usus, dowo ususe alias sabar. haish, mbok kira aku arep nulis sing liya to? Padahal iyo sakjane.

Nah, sakwise ditiliki tenan jebule ukara politik iku cakupane amba, ora ming cupet kaya politik sing biasane gawe bengkerengan kae. Yen kaya ngono, menurutku sih kabeh wong sing urip ing ndonya iki mesti nate berpolitik, masiyo ndek'e seneng utawa ora. Politik iku naluri, insting alamiah manungso. Mirip karo ambegan, mangan, lan hasrat bebuwang sing dilakoni kanggo iso bertahan.

Sakjane tanpa sadar, wiwit isih cilik manungso ki yo wis berpolitik. Coba dieling-eling, pas mbiyen didhawuhi ibu'mu kanggo nyapu latar utawa ngisahi piring, njuk dengan tenang lan meyakinkan awakmu njawab.

"Enggih, mangke Bu', kula nggarap PR riyin"

Njuk bubar mbok jawab ngono kuwi, saknalika Ibu'mu trenyuh, terus gawean nyapu lan isah-isah sing maune dadi tugas lan tanggung jawabmu malah dirampungi kanti bungah manah. Ing titik iki, berarti langkah politikmu mlaku apik.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline