Lihat ke Halaman Asli

Indri Permatasari

TERVERIFIKASI

Landak yang hobi ngglundhung

[Cerkak Basa Jawa Ngokoan] Ngundhuh Wohing Pakarti

Diperbarui: 24 Juni 2015   20:37

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sawijining dina bubaran sekolah

"pokoke aku arep matur pak Guru, aku emoh yen piket ngresiki kelas karo kowe, aku ora sudi sekelompok karo kowe sing anak babu" Bagus ngomel karo mencak-mencak marang Aryo sing lagi nyapu.

Krungu tembung sing ora kepenak kuwi, Pras lan Yudha  sing kebeneran nunggoni Pandu rampung mbusaki tulisan spidol ing papan tulis sontak melu emosi, Yudha sing kebrongot atine wusanane ngucap

"eh Gus, ati-ati kowe nek ngomong, ojo sepisan pisan maneh mbok  baleni tembungmu sing murang tata kuwi"

"Yudh..ora usah melu-melu kowe, iki ming antarane aku lan aryo, pancen aku wegah nek kon piket bareng anak ba......"

DAAAARRRRRRRRRRRRRRRRR .....keprungu suara meja digebrak sora, jebul pras sing biasane sabar uga melu ora iso ngontrol diri

"cukup gus ojo mbok terusne, yen pancen kowe emoh piket, baliya kono, aku sing bakal ngewangi aryo piket" Omonge pras karo ngempet nesu

"Wis..wis Yudh, Pras...sareh..aku ora po po pancen bener bagus koq simbok ku iku pembantu, tapi aku sayang banget, aku ora isin, malah aku bungah karo perjuangane simbok kerja abot kanggo anak-anake ben iso tetep sekolah" pungkasane aryo nengahi bengkerengan awan-awan, lan Bagus ming mencep terus metu seko kelas

***

Rong sasi sawise kedadean

Sakwise njupuk wadhah gorengan sing mau isuk dititpke ning warunge lik Jum, Aryo mancal sepedane bali nign omah, ndilalah ning ngarep pager sekolah dheweke ngerti bagus sing jebule arep bali dhewean merga dina iki  ora dijemput.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline