Lihat ke Halaman Asli

Indri Permatasari

TERVERIFIKASI

Landak yang hobi ngglundhung

[Cerkak Basa Jawa Ngoko an] Aku Padamu...Cah Ayu

Diperbarui: 25 Juni 2015   06:24

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

duh...sliramu pancen ayu,nyawang awakmu mlaku ning ngarepanku wae wis marai atiku deg deg pyaarr. pingin mlayu nyedhak,nanging isih sayang nyawa.
duh cah ayu...apa ya aku ki ming iso dadi "pengagum rahasia" mu saklawase uripku...ahh sedih rasane yén ngelingi iki.
duh cah ayu...koq awakmu ora tau krasa,ana ati tulus sing tresna ono kéné,setia tuhu ngenténi nganti saklawase uripku.
duh cah ayu,pakulitanmu sing putih resik,suara cempréngmu sing manja,mripat semu coklat lan idepmu sing ndamar kanginan marai aku ora jenak turu...sumprit AKU PADAMU...
tapi....aku iki sopo,aku ora duwe daya kanggo ngomong I LOVE YOU....awaké dhéwè pancen beda.omahmu apik magrong magrong,jubin kinclong iso nggo ngilo...uripmu mulya.suprandèné aku ming urip ning panggonan kumuh cedhak pawuhan.ngiraku ora bakal kedadeyan CINTAKU BERBALAS....
duh cah ayu...ndonya pancén ora adil....Gusti wis maringi kita takdir arupa jenis kang beda....awakmu kucing persia sing ayu moblong moblong...lan aku tikus wirok sing impéné ngayawara......yo wis pancén nasibku cah ayu

------------------------------
*sugeng ndalu sedaya kemawon.nyobi nggambléh malih.sugeng saré :)
(maaf bagi yang sudah terlanjur membaca dan tidak mengerti isinya hehe...versi bahasa indonesianya sudah pernah saya tulis setahun yang lalu...tapi dicari koq nggak ketemu ya hehhe..maap dan selamat malam...kabooooorrr)




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline