Lihat ke Halaman Asli

CERKAK, Cerita Pendek Bahasa Jawa

Diperbarui: 23 Desember 2016   16:51

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Dina iki yaiku dina Minggu, esuk-esuk Hasby lan Irfan arep mlaku-mlaku ing pinggir dalan gede sing ana ning desane. Irfan seneng banget minangka udara esuk kuwi penak banget kairup, eh ora sengojo Irfan ndelok ana montor lewat, kenalpotte ngetoake kebul sing nganggu banget.

Irfan    : “Hasby delok to kae, esuk-esuk kok uwes ngawe polusi udara to, Jyaaaaan.. wong jaman saiki kok ora gelem njaga udara supaya ora tercemar.”

Hasby : ”Laiyo kae, nek udara tercemar kan dadine ora nyaman kairup to? lan bahaya kanggo  kesehatan  awak dewe...Yo ra Fan?”

Irfan    :”Iyolah, susah aku nek ngene carane,  yo uwes awak dewe mlaku meneh yoo…”

Irfan lan Hasby banjur mlaku meneh, menyang ing kali sing ora adoh seka dalan gede mau, saktekanne Irfan lan Hasby ndelok-ndelok ning kali ana iwak sing mati.

Hasby  : ”Irfan, delok to kae ana iwak mati, haduh kepiye iki? kok bisa ana iwak sing mati to, mesaake banget iwak ee..”

Irfan    :”Wah iyo, merga opo yo kok iwak e iso mati? Welah By, delok to kae akeh sampah ning pinggir kali.. mulane iwak-iwak pada mati.. Ayo resiki sampahhe bareng-bareng!”

Hasby  :”Yo Ayoo..ayoo!”

Hasby lan Irfan langsung ngresikake sampah-sampah mau lan di buang ning tong sampah.

Irfan    :”Wah wes resik ki, ayem tenan”

Hasby  :”Nah nek ngenekan kepenak di delok, nyaman,ora ngawe iwak-iwak podo mati”

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline