Lihat ke Halaman Asli

Mbok Ojo

Diperbarui: 24 Juni 2015   01:38

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

sakiki sampeyan lagi diuber-uber
kepeneran oleh uwong sing bener
Jokowi lan Rismaharini sing jujur lan pinter
mugo-mugo iso dadi tetenger
ora kakehan bacot koyo politisi bosok
ora koyo sing uwis-uwis podho keprosok
salah kedaden mlebu kalisosok

ojo kemlinthi
dupeh nduwe aji-aji
calon presiden RI
sopo maneh yen dudu Jokowi
durung dadi ora sah gengsi-gengsi
mesam-mesem wis rumongso mesti dadi

mbok ojo nggaya
partaimu pancen lagi berjaya
sesumbar ‘inilah saya’
sansoyo digdoyo
ndisik dikoyo-kuyo
sakiki ora ono sing wani mbantah lan kudu percoyo
mlakumu wis mulai direko-reko
wo alah lelakone menungso
mbok ora usah ngoyo

ojo juwowo
mumpung rogo isih ono nyowo
mengko yen wis dipundut sing Kuwoso
kudu iso lego lilo
Jokowi lan Risma iku jalmo
iyo iso mati
mbesuk, mengko opo sakiki
mung GustiAllah sing paring pepesti
durung mesti dadi
makaryo wae sing gemati
cik oleh simpati
rakyat ora bakal lali
sopo sing bener sopo sing mblenjani
pejabat politisi pengusaha sing cidro janji
mlebu berita tipi karo harian pagi
digiring mblebu bui koyo dene Atut lan Tubagus Chaeri
enake diwoco karo ngombe kopi
mbok ojo dumeh……budhe.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline