Lihat ke Halaman Asli

FOR ME

Siswa

Bahaya Narkoba

Diperbarui: 27 November 2024   08:01

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Narkoba utawa obat-obatan terlarang wis dadi ancaman gedhe tumrap masyarakat, utamane generasi muda. Narkoba ora mung ngrusak awak, nanging uga ngrusak masa depan lan moral bangsa. Mulane, penting kanggo ngerti bahaya narkoba lan cara ngedohake awake saka pengaruh ala iki.

Apa Iku Narkoba?

Narkoba iku cekakan saka "Narkotika, Psikotropika, lan Bahan Adiktif liyan-liyane". Iki kalebu zat sing bisa ngganti fungsi otak lan nggaw pangguna ketagihan. Conto narkoba yaiku sabu-sabu, ganja, heroin, ekstasi, lan obat-obatan liyane sing dilarang dening undang-undang.

Bahaya Narkoba

  1. Ngrusak KesehatanNarkoba bisa ngrusak organ penting ing awak kaya ati, ginjel, jantung, lan otak. Pangguna narkoba uga rawan kena penyakit serius kaya HIV/AIDS amarga sering nggunakake jarum suntik bebarengan.

  2. Ngilangake Masa DepanWong sing kecanduan narkoba biasane ora bisa konsentrasi sinau utawa kerja. Akibat, masa depane bakal rusak lan ora bisa nggayuh impian sing diharepake.

  3. Ngrusak Hubungan SosialWong sing nggunakake narkoba asring dadi agresif lan ora tanggung jawab, sing nggaw hubungan karo keluarga lan kanca-kancane dadi renggang. Dheweke uga bisa melu tumindak kriminal kanggo nyukupi kebutuhan narkobane.

  4. Ngancam Moral BangsaYen generasi mudane rusak amarga narkoba, bangsa uga bakal kesulitan maju. Generasi muda iku tulang punggung pembangunan negara.

Carane Ngedohake Narkoba

  1. Ngisi Wektu karo Kegiatan PositifMelu kegiatan olahraga, seni, utawa organisasi sosial kanggo ngisi wektu luang lan ngedohake saka pengaruh negatif.

  2. Pilih Kanca sing ApikKanca sing salah bisa nyeret kita menyang pengaruh narkoba. Pilih kanca sing nduweni pengaruh positif lan ngajak kanggo nglakoni tumindak becik.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline