Lihat ke Halaman Asli

Florensius Marsudi

Manusia biasa, sedang belajar untuk hidup.

Aku Enek Ndeleng Sliramu

Diperbarui: 25 Juni 2015   01:10

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Gadget. Sumber ilustrasi: PEXELS/ThisIsEngineering

Jujur wae, aku sakjane wis enek ndeleng sliramu. Sliramu saben ndina mung 'kotbah' nggedhabyah bab rakyat sing wus ditata-rapi-rapen,aslinekahananeblas ora nggenah. Sliramu wis ping piro wae ngendikakke bab katentreman, toleransi; nyatane wong-wong padha gebuk-gebukan. Sing siji rumangsa paling bener, sijine rumangsa pener, kabeh malah keblinger. Sliramu wus ping piro wae  'ngotbahake' bab kasejahteraan, sejahtera sing kepiye? Sejahtera manut angka-angka? Manungsa dudu jejeran angka, lan apa nyatane? Rakyat iku nyambut gawe umpama “dhengkul kanggo sirah – sirah kanggo dhengkul - dlamakan nempel sirah!”

Tanggaku ing sebrang laut padha kebanjiran[1], sliramu mung meneng wae. Sok ewuh, ora gek ndang cekat-ceket. Wong-wong mudik nganggo kendaraan (uga mudik nganggo sepeda motor) pada mati kecelakaan [2], sliramu uga meneng wae. Kok ya ora prihatin, ora isin karo wong cilik, sing mati kecekik. Sedulurku mati, omahe kobong[3] ...kok yo sliramu meneng wae, malah ndomblong. Apa tanganmu gatel nek dadi piyayi sing tanggap ing sasmita lan karya?

Aku arep takon. Apa sliramu wis budheg, apa malah mbudheki?  Apa sliramu wus ora isa ndeleng, wuta apa malah mutani? Ndak ambali maneh, nek sliramu 'kotbah' bab kesejahteraan, oikosnamos....oala sliramu paling pinter, thirik-thirik nganti meniren. Ning yen sliramu mraktikake mosok ora bisa jujur sithika wae?  Eling, 'kursimu' iku duweke rakyatmu.

Pitakonku kang pungkasan, apa ya sliramu ya ngerti, nek ana 6.433 program studi perguruan tinggi durung diakreditasi?[4]Terus anak-anakmu kon “nggondol” sarjana tanpa “pengakuan” alias sarjana ecek-ecek? Panggotane anak buahmu sing kapirang-pirang iku apa?  Rakyatmu wus pajek, malah dikorupsi. Tunjangan wus diaturke malah ditilep, trus apa karepe?  Mikir kursi maning?

Bleh, aja ngaku pinter nek sliramu mung isa minteri! Ndak akoni, nek aku wong bodho; ning aku ora plonga-plongo kaya kebo! Aku ora butuh 'kotbahmu' maneh, aku wus enek, tanek! Saiki tumandanga!

[1] Conto paling jelas banjir bandang ing Parigi – Sulawesi Tengah (Sabtu, 25 Agustus 2012) wektu kapungkur. Dalan pedhot, kayu nglondongan malang-megung neng ndalan, kayu iku saka ngendi? Nek asale saka alas tutupan; alase sapa sing entuk dibabati, digundulinganti banjir bandhang nggawa kayu pating glathak? Aja nutup ing paningalmu!

[2]PerKamis, 23 Agustus2012, korban ninggal karana mudik jumlahe 688 wong.Sauntara iku korban ninggal karana mudik (H+5 mudik) ana 908 wong. Danang Parikesit (Ketua Umum Masyarakat Transportasi Indonesia) ngandarake manawa korban sakmono okehe iku mestine wis dianggep“bencana nasional” (KOMPAS, 24 Agustus 2012, hal. 1 & KOMPAS, 28 Agustus 2012, hal. 6). Isih uga wong cilik mlekithik iki sing disalahke. Bat...tobat!

[3]Karugen korban kobongan nganti 200-an milyard (KOMPAS, 28 Agustus 2012, hal. 1), iku lagi kutha Jakarta. Banjur piye korban kobongan  liyane? Kayata alas jati sing kobong? Ketambahan maneh montor mabur ceblok? Karyawan "plat merah" bolos nyambut gawe.... Kabeh iku mau nek digunggung ana piro kerugianne?
[4]KOMPAS, Selasa, 28 Agustus 2012, hal. 12

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline