Lihat ke Halaman Asli

Florensius Marsudi

Manusia biasa, sedang belajar untuk hidup.

"Koplak Kok Ora Kebak-kebak"

Diperbarui: 25 Juni 2015   07:18

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Dalijo (sebut ngono wae) mlayu kiprit-kiprit...

"Mas Marsudi...mas....mas...tulung...tulung....", Dalijo mlayu nyeraki aku. Dheweke mlayu karo nyekeli kathoke, sinambi mringis.

"Ngapa Jo?" Pitakonku.

"Aduh....aduh.... (maaf, red) manukku kejepit ritsleting (kancing tarik)....".

Jujur, sakjane aku arep ngguyu ngakak krungu omonge Dalijo. Dalijo, si joko kasep umur 43 taun rung nikah, rung supit, ora tau ngganggo sempak (bhs Linggis Cidi)...ow..ow...,  'manukke' kejepit ritsleting. Dalijo joko kasep "kurang secanthing". Koplak ora kebak nalare.  Kadang "kebak" ning ngot-ngotan.

Cengkelak aku mbalik nyang ngomah. Clingukan  ing gudang. Nemu cathut.

"Mrenea Jo...."  Dalijo rindhik asu digitik, nyedhaki aku.

"Meneng wae ya".

Ritsleting kathok Dalijo ndak jepit nganggo cathut.  Terus ndak benggang mengkayang.....pling. Ritsleting iku semplak sak kal. Mbukak.

"Aduh...aduh...aduh ". Dalijo sambat. Pucuk manukke Dalijo netes  getih abang mbranang....

"Wis ra pa pa. Mengko ndak golekke yodium.  Sauntara tetesi tlutuh debok sik yo...." Kandaku.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline