Lihat ke Halaman Asli

Wigatinipun Sinau Budaya Jawa

Diperbarui: 21 September 2023   08:14

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Indonesia iku kang nduwe kabudayan sing maneka warna, Bangsa sing multikultural akeh kabudayan sing nyebar saka sabang tekan merauke. Salah sijining daerah sing nduwe kabudayan sing maneka warna yaiku ning tanah Jawa. Kabudayan uga bisa disebut identitas daerah, kenapa bisa disebut mangkono?

Amargane ing saben tlatah nduwe kabudayan bedo bedo lan saben kabudayan nduweni ciri khas sing ndadekake kabudayan iku makilke suatu daerah. kayata ing tanah jawa, ning jawa nduwe budaya sing arane "alon alon waton kelakon" iku bisa nggambarake yen wong Jawa nduwe watak alus, setiti, ngati-ati lan mudeng unggah ungguh. salah sijining budaya kang nggambarake wong Jawa banget yaiku aksara Jawa.

Lumantar nyinaoni kabudayan Jawa iku uga bisa ndadekake para generasi jaman sak iki dadi generasi seng "berbudaya". Akeh dampak dampak positip saka nyinaoni babagan kabudayan Jawa, contone yaiku nggaweake para generasi jaman sak iki luwih kreatip lan aktip. Saka nyinaoni kabudayan iku uga bisa dadi jembatan "meraih prestasi".

miturut data jumlah pendhudhuk jawa ana ing peringkat nomer siji sak Indonesia, yaiku 31.560.859 jiwa saka 95.217.022, prakara kui kudune bisa nggampangke para masarakat jawa kanggo nguri-uri budaya Jawa. Ananging buktine budaya saya sak iki sansaya luntur amarga males sinau babagan budaya Jawa.

kanggo awujud rasa tresna marang kabudayan, awak dewe minangka "generasi penerus bangsa" kudu pinter pinter nguri-uri budaya Jawa. sinau budaya jawa iku wigati banget amarga yen dudu saka awak dewe balake sopo meneh sing bakal nyinaoni babagan budaya Jawa. mula awit sak iki kesadaran marang sinau basa kudu diuwuhake marang awake dewe dewe supaya budaya Jawa ora luntur amarga jaman sing saya maju.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline