Lihat ke Halaman Asli

Ngrembug Boso Jowo

Diperbarui: 25 Juni 2015   19:28

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Aku mbiyen mbayangake, suk nek uwis nyambut gawe aku pengen cepet-cepet nikah, rabi karo wong jowo sing cedhak omah wae, mbuh karo sopo, urip nang Magelang, cedhak karo wong tuwo. Aku ugo nduweni kepinginan, nduwe anak sing pinter boso kromo inggil, boso jowo sing alus banget. Aku wis tau weruh ono nom-noman, lanang lan wadon, dandanane necis, koyo wong sugih, ananging anake cilik sing kiro-kiro umur rong tahunan diajak ngomong nganggo boso jowo kromo inggil. Biasane nek wonge ki dandanane necis, gayane gaya kutho, ngajari anake nganggo boso endonesia. Ananging wong enom mau malah ngajari anake nganggo boso jowo kromo inggil, alus banget. Dasar anake yo pinter lan seneng ngomong, dadi nggawe gumun wong-wong sing ndelok awake.

Ananging aku yo ra tau ngebayangke, mbiyen pingin kuliah nang jogja, ben tetep cedhak karo wong tuwo, ndilalah malah entuke panggon kuliah nang Jakarta. Ambokno nang kampusku iku akeh-akehe yo wong Jowo, ananging karo ibu kos, karo dosen lan karo konco-konco yo nganggo boso endonesia. Pas pisanan aku yo plegak-pleguk nganggo boso endonesia, logate digawe-gawe ben ora ketok medhok banget, eh malah dadi lucu. Ananing awit kuliah kuwi mau aku yo dadi kebiasaan nganggo boso endonesia. Wis tau pas bali nang ngumah, dikon dadi MC nang acara pengajian. Lha biasane aku dadi MC nang acara kampus ki nganggo boso endonesia, yo otomatis aku pas dadi MC nang kampung yo nganggo boso endonesia. Lha sak lebare pengajian aku diseneni karo mbah-mbah, “Mas, mbenjang malih nek pengaosan ngagem boso jawi mawon. Kulo mboten mudheng...”. Walah!

Sak lebare kuliah aku entuk panggon nyambut gawe ono ing Ternate, Maluku Utara. Lha nang kono bosone tambah kacau meneh. Boso endonesia sing wis dimodifikasi dadi boso Ternate. Telung sasi nang Ternate, aku rabi, entuk konco pas kuliah mbiyen. Bojoku wong Solo. Jan keturutan anggone kepengen rabi karo wong jowo. Lha nanging jebule bojoku sing wong solo iku ora pinter boso jowo. Dheweke cilikane ono ing Jakarta, nganti SD. Bapak ibuke ugo ngajari boso endonesia, dudu boso jowo. Mulakne aku yo saiki nganggo boso endonesia anggone ngobrol karo bojoku. Nek bapak ibukku tetep nganggo boso jowo menawa ngendhika karo mantune, ananging mantune nyauri nganggo boso endonesia, hehehe. Ora popo.

Rong tahun setengah nang Ternate, aku yo kerep nganggo boso jowo. Lha wong bakul-bakul bakso, bakul ikan bakar, nganti tukang bengkel yo seko jowo. Ono sing seko Wonogiri, Jogja, nanging akeh-akehe seko Jawa Timur-an. Ananging amargo sedina-dinane ono nang kantor sing akeh-akehe wong asli kono, mulo yo bosoku yo boso endonesia, malah kerep nganggo boso Ternate.

Saiki aku lagi nang Jakarta, nerusake kuliah. Wis nduwe anak loro, lanang lan wedok. Kontrakanku kuwi nang njero kampung. Tonggo teparone wong betawi kabeh. Sanajan mbiyen kepingin ngajari boso kromo inggil marang anakku, lha wong sedina-dinane bocahe dolanan karo wong-wong Betawi utowo bocah-bocah sing ngertine boso endonesia, mulo aku yo ngajarine boso endonesia. Wis genep tenan saiki. Sanajan aku seko Magelang, bojoku seko Karanganyar, Solo, ukoro-ukoro boso jowo wis ora dinggo meneh nang ngomahku. Anakku malah nganggo istilah-istilah betawi, “Noh...”, “Sono...”, melu tonggo-tonggone sing bosone pancen koyo ngono kuwi.

Jan-jane aku yo kadang nduwe roso kedosan, rumongso salah. Wong enom koyo aku sing kudune nglestarekke boso jowo, malah melu-melu ninggalake boso jowo, sing pancen wis arep punah. Dhelokno wae, saiki bocah-bocah SD wis nggunakke boso endonesia anggone ngobrol karo kanca-kancane. Bocah-bocah ndeso sing diajari boso jowo marang wong tuwo lan guru Sdne, mlebu SMP yo nggunakke boso endonesia marang guru-gurune. Wong-wong tuwo ugo ngajari ngomong marang anak-anake nggunakke boso endonesia, termasuk aku. Lha nek aku kan amargo manggone pancen ora nang jowo, nek nganggo boso jowo yo malah ora iso komunikasi karo tonggo teparone. Ananging wong-wong kang urip nang jowo, meiturutku kudune yo ngajari boso jowo, sukur-sukur boso kromo inggi. Nek boso endonesia iku rasah diajari, bocah-bocah bakalan iso dhewe. Lha wong tontonane tivi. Mengko yo iso dhewe. Ananging nek boso jowo iku nek ora diajari, ora bakalan iso. Lha opo gelem, 50 tahun meneh, nek awake dhewe ijih urip, boso jowo dadi boso sing punah, utowo boso sing rusak? Saiki wae, boso jowo wis dicampur-campur nganggo boso endonesia. Termasuk aku yo ngono kuwi.

Wis, aku saiki dadi kepengen meneh, ngajari Fata lan Husna, anak-anakku ben podho iso boso jowo. Lha wis jenenge nganggo ukoro arab kabeh, nek ora kenal boso jowo sisan, yo mengko ilang trah jowone. Nek ditakoni wong nang ndalan, “sukunya apa?”, “Jawa”, ning kok jenenge ra njawani, bosone boso endonesia. Walah!




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline