Arummu
Dening: Fahdila Putri
Arummu iku uwes gawe ayeme ati
Isuk-isuk uwes mekar ayu arupa abang
Embun wae durung ilang
Angin wae durung semrawut
Nanging arummu uwes semerbak
Sapa sira sing ora kepincut
Katon ayu masio disawang saka kadohan
Ngawi, 2022