Lihat ke Halaman Asli

Nang Pantai Kepengen Nyantai

Diperbarui: 19 Agustus 2023   21:07

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Kenalake, jenengku Fadhil Alauddin, biasane diceluk karo kanca-kanca Fadhil. Saiki aku kelas 12, sekolah ndek SMAN 3 Malang. Aku arek e ora sering metu-metu ngebolang nang alam ngunu kuwi. Paling mentok lek metu yo nang kopian karo kanca-kanca, ngobrol-ngobrol santai lan nongkrong.

Ndek kelasku, aku duwe konco seng demen, sak demen demen e, metu-metu mbolang. Nah, ing suatu dino, aku moro-moro diajak karo koncoku metu. Tak kirakno metu nang kopian, eh tibakno diajak nang pantai, luwih spesifik e Pantai Modangan. Aku kaget polane ora mbayangno bakal moro moro diajak nang pantai. Nanging aku yo pingin pisan sekali sekali metu nang selain kopian ngono, dadi aku yo nerimo nerimo ae. Bengi ne, aku njaluk izin nang wong tuwoku kanggo nang pantai pas weekend. Mulane wong tuwo ku gak ngolehi, soale aku gak biasa metu metu ngebolang, tapi sak mari e diskusi dowo lan jembar, akhir e dikek i izin.

Wektu e wes teko, dino iku dino Sebtu. Aku wes nyepakno kanggo budal nang pantai. Rencanane jam 10 an te budal ben gak panas panas nemen, tapi onok konco ku siji seng rodok ngaret, dadi e sak rombongan budal jam 2 an. Kondisi e pas arep budal iku wes rodok mendung peteng, tapi durung udan. Pas wes budal, rampung perjalanan 3 menit, moro keroso netes banyu tekan nduwur. Eh ora suwe, kok moro deres, dadi awak e neduh ing indomaret pinggir dalan. Ngenteni rodok suwe 20 menit an, akhir e cuaca wes terang ora udan maneh. 

Awak e lanjut perjalanan nang pantai kiro-kiro 3 jam an amarga macet, sampe ndek pantai jam 5. Pas wes cedek pantai, ndek daerah pantai selatan, dalan lintas selatan e entek. Kondisi dalan e iku dalan sing durung diaspal, akeh kerikil lan watu-watuan. Trus ditambah dalan e munggah mudun ngelewati bukit-bukit tambah garai angel dilewati. Peda e koncoku sampe menggos menggos gara-gara peda e kondisi e ancen wes rodok kurang layak. Aku karo koncoku seng nggonceng sempet kepleset gara-gara dalan e ora normal gae dilewati peda, akhir e ditulungi uwong seng kebetulan liwat pisan, dikek i tumpangan sampe pantai e. 

Nyampe ndek pantai, aku karo kanca-kanca ku langsung mbangun tendo, amarga pas iku langit e wes mulai melbu langit senja, rodok peteng. Sak banjur e tendo mari kebangun, awak e masak mie lan sosis gawe mangan bengi. Wes kondisi wareg, kanca-kancaku keliling pesisir pantai e, tapi aku tetep ndek tendo, njogo cek gak kosongan. 

Koncoku kenalan karo wong seng camping ndek kono pisan, trus aku diajak nang daerah tendo wong e karo koncoku. Akhir e awak e ngobrol-ngobrol santai, karo ngenikmati suasana pantai pas bengi. Dadakno mas e iku arek malang pisan, sekolah ndek SMKN 2 Malang, sampe saiki sek konco an dadi konco ngopi. 

as iku, ombak e rodok gede, dadi e koncoku onok seng parno gara-gara wedi tendo e keterpa ombak, dadi awak e akhir e rodok wedi yen sewaktu-waktu ombak e kenek nang tendo, tapi Alhamdulillah e ora kedadeyan. Lanjut e iku, awak e ngurupno api unggun karo ngumpul sak rombongan karo ngobrol-ngobrol. Aku wes ngantuk, dadine aku izin balik disik tekan kumpulan api unggun e. Ora lali karo Allah, aku banjur langsung menyang musholla seng onk ndek kono kanggo solat isya, terus balik nang tendo gae turu. 

Sesok e aku tangi jam 4 an, solat subuh lan nangikno konco-konco ku seng sek turu cek tangi trus solat subuh. Dadakno koncoku wes onok sing tangi, wes siap-siap te ngabadikno momen srengenge menjulang nang ufuk timur. Aku lanjut solat subuh karo konco-koncoku, trus mari iku aku lanjut adus ben awak seger. Tapi onok beberapa koncoku seng ora gelem adus isuk, jarene arep teles-telesan disek nang pinggir pantai, dolan banyu. Batinku, yo gak popo engkok adus neh lek pingin dolan banyu, kok repot. Pas aku mari adus, balik-balik nang pantai, arek-arek wes podo nang pinggiran asyik keceh-keceh. 

Isuk iku onok kedadeyan seng rodok nyesek ning ati, onok koncoku siji sing mlaku-mlaku nyisir pantai karo aku karo arek-arek. Nah celonone iki saku e longgar, dadi e pas onok ombak gede, si arek iki kaget, mencolot, eh hp ne lha kok melok mencolot tekan saku ne. Arek e arep ngeraih hp ne, onok ombak neh teko rodok gede an. Karo onok roso panik, bingung, koncoku iki arep nguber hp ne nang rodok tengah an, tapi aku ndandangi karo arek-arek, nenangno arek e ben ikhlas ae, wes ora iso dislametno. Sak dino iku sampe moleh, arek e kepikiran hp tersayang e seng ilang, rodok sakno tapi yoopo maneh, jeneng e wes takdir Allah, ganok seng ero. 

Banjur e iku, aku karo arek-arek ngelipet tendo, ringkes-ringkes, trus siap-siap te balik, kondisi wes rodok panas jam 10 an. Amarga dalan balik e lumayan nanjak, aku karo 1 koncoku seng dibonceng pisan mudun trus mlaku ndaki dalan seng nanjak iku maeng, sedangkan konco-koncoku seng numpak motor ndisik i munggah. Aku karo arek 1 iki menggos-menggos, wes dalan e dowo nggowo gowoan abot pisan. Akhir e amarga aku karo arek iki gak nyampe-nyampe duwur, koncoku motoran balik maneh nang ngisor nyusul, trus balik e boncengan 3. Akhir e wes nyampe dhuwur, aku karo koncoku balik nang boncengan e masing-masing, banjur budal balik nan

g Kutho Malang. 




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline