Lihat ke Halaman Asli

Wayang Apa Isih Eksis?

Diperbarui: 4 Desember 2021   13:37

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

wayang tumrape bangsa indonesia wis dikenal wiwit jaman biyen. kagunan saiki wis sumrambah ing saindhenging indonesia. kanggone wong jawa dhewe wayang pancen wis mbalung sungsum. nanging emane bocah- bocah saiki padha ora kenal karo wayang kulit. panyebabe ora mung merga wayang dianggep kuno lan kalah karo bidaya manca kang mlebu kayata drama korea, film animasi jepang lan liya-liyane, nanging merga kurange panggonan kanggo ngenalake wayang saengga bocah ora ngerti.

wayang dhewe sejatine minangka tetironing manungsa. ing sjroning tontonan wayang ora mung tinemu bab kang asipat panglipur wae, ananging uga tinemu piwulang becik lan adi luhung. piwulang iki bisa dideleng saka sikap lan tingkah lakune tokoh ing pagelaran wayang.

kepriye supaya wayang ora pupus lan cures digerus jaman?. kang wiwitan yaiku kudu ana perhatian saka pamarentah lan menehi papan kanggo pagelaran wayang embuh iku wayang kulit utawa wayang wong. sabanjure para seniman wayang uga kudu melu owah gingsisre jaman lamn melek teknologi yaiku wayang kudu wis dikemas kanthi media kang menarik kaya video ing youtube, pancen wis cukup akeh para dalang kang ngunggah video ing youtube nanging kita kudu menyesuaikan suapaya ringan lan bisa dinikmati para kawula mudha, kaya alm ki seno nugraha kang viral merga video-video dagelane bagong saengga narik kawigaten para penonton. skaliyane youtube uga akeh panggonan kanggo ngenalake wayang tuladhane bisa ngunggah video singkat ing tiktok lan instagram. ora lalai peran guru kanggo ngenalake budaya iku kang nduweni andhil gedhe kanthi menehi pembelajaran lan pengenalan pagelaran, bisa ngajak siswane nomton langsung sinambi nerangake nilai-nilai becik ing pagelaran wayang.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline