Lihat ke Halaman Asli

Tradisi Tedhak Siten

Diperbarui: 22 September 2023   13:30

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Tradisi Tedhak Siten inggih menika prosesi tradisional ingkang asalipun saking Tembung Tedhak ingkang tegesipun mudun Saha Siti ingkang tegesipun dharat saengga upacara menika ugi dipun sebat upacara turun-temurun. Tedhak Siten mewujudake upacara daur Urip sing ditindakake masyarakat lokal kanggo mengeti bayi sing umure watara Pitung Utawa wolung sasi.

Tradisi Iki ditindhakake minangka pangeling-eling marang manungsa Babagan pentinge makna Urip ing bumi kang nduweni sesambungan. Sesambungan yang dimaksud yaiku sesambungan antarane manungsa lan Gusti, sesama manungsa, lan lingkungan alam sakiwa tangene.

Upacara Tedhak Siten yaiku upacara sing isine pangarep-arep wong tuwa marang anake. Nalika bayi Wiwit Sinau lungguh lan lumaku ing lemah, miturut para leluhur, adat budaya Iki ditindakake minangka ngurmati bumi ing ngendi bocah-bocah ngadeg ing lemah.

Ing upacara Iki, ana simbol sing tersirat kanggo masa depan bayi. Dene tujuwane dianakake upacara Tedhak Siten yaiku ing tembe yen wis Gedhe Kowe bakal Kuwat lan bisa mandiri ing Urip kang kebak tantangan kang kudu diadhepi kanggo nggayuh cita-cita.

Kejaba iku, upacara Iki uga minangka wujud rasa syukur amarga ing umur Iki bocah bakal mulai ngerti alam sekitar lan wiwit Sinau mlaku. Tujuan liyane saka upacara Iki yaiku kanggo ngenalake bocah menyang tanah air.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline