Lihat ke Halaman Asli

Mapati

Diperbarui: 30 Maret 2024   11:50

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Ning Desa Brug Bodol ana kebudayaan yaiku mapati. Acara mapati biasane nganggo wong sing lagi meteng 4 wulan. Menurute Agama Islam mapati kuwe di anakna kari kandungane wis 4 wulan, pas roh mulai di lebokna maring awake calon bayi. Mapati kuwe bentuk tanda syukur maring gusti Allah. Acarane ora kaya acara gede-gedean, sederhana bae.

Acarane di anakna ning umahe wong tua ne kari ora ning umahe deweke. Biasane ngundang sedulure karo tanggane terus ngaji bareng-bareng. Pertamane biasane sambutan ding sing duwe umah terus bar kuwe ngaji. Ngaji ne surat-surat sing ana ning Al-Qur'an. Ndoakna bayi sing ana ning kandungane ben sehat lan soleh.

Ngaji ne ora cuma wong wadonan tapi ana wong lanang. Bar acara ngaji biasane sing duwe umah wis nyediani akeh panganan. Panganane ana macem-macem, ana sega megono, jajanan sing pasar, bubur abang putih karo kupat sumpel. Sing selalu ana kuwe bubur abang putih. Bubur abang putih dadi ciri khas e wong mapati ning Brug Bodol.

Sing duwe umah juga biasane nyediakna berkat. Berkate biasane di gawa balik. Berkat kuwe dadi tanda suwun maring wong-wong sing uwis teka melu ngaji. Biasane berkate dinei pas wis rampung ngaji. Isine kadang lauh sing wis mateng, isine juga macem-macem.

Mapati kue adat istiadate wong Jawa sing hampir ning seluruh wilayah Jawa ana. Tapi urutan acara karo isian acarane beda beda. Ora kabeh wong jawa percaya karo adat kie. Tapi mayoritase mapati wis dadi kebiasaan malah wajib. Nah salah sijine ning desa Brug Bodol kie.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline