Lihat ke Halaman Asli

Limbuk

lemu ginuk-ginuk

Puisi | Santoso Mahargono, Yen Nulis Aja Rok-rok Asem!

Diperbarui: 29 Desember 2019   17:25

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sumber:123rf.com

Ngemati kanti gemati ing tlatah fiksi, daktemuake sliramu lagi njagong madep mangulon. Sarwa mbeber dluwang lan pulpen ing tangan. Banjur metekur nulis larik-larik geguritan.

Kahanan apa kang arep kok dadiake bahasan? Ati kang lagi kasmaran, raga kang nandang wuyung, apa pikiran rudek kang dikepung suwung?

Dudu! Dudu kuwi kang marahi sumedhot ing njero atimu. Ananging isu moral lan kepincangan-kepincangan sosial ing sakiwa tengenmu. Bilih luwih nggegirisi tinimbang lelakon tresna Janaka lan Banowati.

Sanajan durung mateng temenan anggonmu ngurih-urihi geguritan, Simbok melu seneng, sliramu wis nemuake dalan endi kang arep tinuju. Amung siji titi wanti lan pesenku. Yen nulis kuwi aja rok-rok asem! Ibarat pedang, sansaya ajeg diasah, sansaya landep kanggo motong gulu.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline