Lihat ke Halaman Asli

Limbuk

lemu ginuk-ginuk

Puisi | Lilik Fatimah Azzahra, Aja Kaya Layangan Pedhot!

Diperbarui: 12 November 2019   10:15

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sumber: 123rf.com

Duh, Nimas manis kang pawakane lencir kuru. Simbok rada wedi arep paring pitutur marang sliramu. Dudu apa-apa, Nduk. Kowe kuwi nggegirisi. Sedela-sedela ngasah belati.

Ana wigati apa tho, Nduk? Isi geguritanmu yen dicermati kok tansah ngruwat rasa perih lan kesadisan? Apa kowe isih ngemu dendam marang mantan?

Nimas ayu, sanajan lelaraning ati ngluber kaya derese udan ing wayah rendheng. Ora panggah kudu diendheng. Aja ndadak kaya layangan pedhot! Nglimbung mrana nglimbung mrene kaya piyantun sepuh lagi mbobot. 

Urip iki pancen abot. Ananging Nduk, luwih becik sing jembar atine. Kenangan pait enggal-enggal dikipati wae. 

Nduk Nimas ayu kang eseme marahi ora bisa turu. Simbok ngerti piye sejatine wewatakanmu. Kowe kuwi bocah gembeng. Gampang trenyuh lan mewekan. Apa maneh yen lagi nandhang wuyung. Olehmu gut-gutan ing nduwur wuwung ora bakal rampung-rampung.

Wis ya, Nduk. Samene wae kang Simbok paring. Amrih sikile Simbok ndredeg lan gemriming. Ndeleng kowe wis mulai ngasah-asah lading.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline