Lihat ke Halaman Asli

Limbuk

lemu ginuk-ginuk

Puisi | Syahrul Chelsky, Kowe Aja Gampang Patah Hati!

Diperbarui: 9 November 2019   06:37

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

illustrasi:freepik.es

Syahrul Chelsky, cah bagus. Saben maca larik-larik endah kang  mbok gurit, atiku perih kaya dirajah landepe clurit. Mripatku kaca-kaca. Mbrebes mili. Eluhku luruh kaya udan ing pungkasan sasi Desember. Deres. Mandes. Marahi awak greges.

Syahrul kang nggantenge uleng-ulengan. Jalaran apa sliramu ora bisa uwal saka kenangan? Amarga tresna kang tansah gagal? 

Duh, Tole. Padahal dunya iki isih wiyar. Ora mung sak godhong kelor selembar. Isih akeh kenya ayu, kinyis-kinyis mateng manggis. Padha antri ing pelataran. Ngarep bisa kepilih dadi ratu ing sajeroning atimu.

Syahrul, enggal mrenea, Le! Lungguh jejer ing kursi kene. Simbok arep kandha. Uga arep paring dedunga. Muga-muga kowe enggal move on saka ribet lan pakewuhing lelakon. Ora ndadak lara ati. Apa maneh grusa grusu patah hati. 

Lelakuning uripmu isih dawa. Mula aja ragu lan ngersula.

Syahrul, cah bagus. Eling-eling sawiji pitutur iki: yen nganti dina iki tresna sejati durung bisa ko temuake, yakin ing dina liya tresna iku kang bakal nemuake kowe. 




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline