Lihat ke Halaman Asli

Eko Irawan

Menulis itu Hidup

Paido (Hari Hari Puisiku #17)

Diperbarui: 6 Februari 2022   11:51

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Hari hari puisiku #17 (dokpri istimewa diolah dari kamuslengkap)

Opo meniko merk warga +62? 

Ora onok benere. Nuruti paidomu Ajur. Ngono salah. Ngene salah. Koyok Kowe tiang Sae Saestu, ngaku suci ahli ngibadah tapi hobinipun rasan rasan. Nyebar cocot. Fitnah. Ghibah. Paido kui bahagiamu, nanging dadi susahe liyan.

Buak wektu. Buak umur. Rugi Melu cocotmu. Rugi ngurusi lambe bejatmu. Kok kiro aku mbadok Melu Kowe? Ora. Aku Golek Dewe. Ora Melu dapuranmu. Tapi awakmu ngewer. Luwih dowo saka Embong.

Duwe ide, kok cacat. Duwe gagasan kok paido. Aku cerita kok bumbui. Ditambahi micin. Cek tambah sedap. Kowe malaikat apa setan? 

Ngono ngaku suci Sae paling bener sak ambane jagad Lan ora duwe cacat tanpo duso. Opo Kowe ora tau ngoco? Gajah Ning kadohan ketok, tapi awakmu ngidek telek ora kroso. 

Iki uripku. Aku ngibadah marang Ngarsane Murbeng Dumadi. Nduding Kuwi driji siji, sisane madep Nang awakmu Dewe. Berarti Yo opo sing kok Sumbar. Sebar. Yo iku awakmu Dewe.

Gusti mesti Parung pitedah. Wonten keadilan karma. Ora seneng, menengo. Timbang sesok Kowe isin. Dustamu dibuka keadilan karmane Gusti. Getunmu ora onok ajine.

Paido. Wuenak pancene. Modal cocot, mulosoro liyan. Sing bener dadi salah. Sing salah tambah salah. Yo wis Ben. ORA ngurus dapuranmu. Aku pasrahno wae awakmu, Nang Ngarsane Gusti. 

Ilingo, Kowe nglarani atine liyan. Wong sing kok larani, dongane diijabahi Gusti Pengeran ingkang adil Lan ora memihak. Kowe ISO rekayasa, tapi Kowe Ojo getun ing tembe mburi ganti direkayasa. Getunmu ora berguna. Ndang sadaro, sak durunge awakmu isin ndonyo akherat.

Rugi uripmu. Bangkrut akheratmu.

Padepokan Bumi Ngalam, 6 Februari 2022

Dipun tulis Kaliyan Eko Irawan




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline