Lihat ke Halaman Asli

Wedang Uwuh, Wedang Sampah Kang Duweni Khasiat Kanggo Awak

Diperbarui: 19 Mei 2024   21:02

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

www.halodoc.com

          Tembung uwuh ingi wedang uwuh iku duweni teges sampah. Istilah kasebut digunakake amarga wedang uwuh digawe saka godong lan rempah-rempah, saengga wujude kaya sampah. Sanadyan diarani wedang sampah, wedang uwuh duweni khasiat kanggo awak. Bahan ingkang digunakake ing wedang uwuh iki kang bisa menehi khasiat kanggo awak.

          Bahan kanggo nggawe wedang uwuh, yaiku secang, kembang cengkeh, kulit wit cengkeh, jahe, pala, godong pala, kayu manis, sereh, godong sereh, lan kapulaga. Bahan alami iku nduweni khasiate dewe-dewe kayata jahe kang bisa ngangetake awak, mudunake kolestrol lan hipertensi.

          Kayu manis uga menehi khasiat kanggo awak yaiku kanggo mudunake risiko lara jantung. Secang kanggo menehi antioksidan, antikanker, lan ngelongi rematik. Iku namung sebagian khasiat saka bahan-bahan wedang uwuh, isih ana bahan-bahan kang durung disebutake khasiate. Semana akehe khasiat kang diwenehi wedang uwuh kanggo awak

          Wedang uwuh iku wedang tradhisional saka budaya Jawa. Menawa arep ngonsumsi wedang uwuh saiki ora perlu angel-angel. Amarga saiki wedang uwuh bisa dikonsumsi kanthi cara seduh tradhisional utawa celup kaya teh celup kan ndadekake gampang anggone ngonsumsi wedang uwuh. Wedang uwuh iki uga bisa dituku lewat warung online.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline