Lihat ke Halaman Asli

ALIT: Wong cilik kang atine ora cilik

Diperbarui: 26 Juni 2015   01:11

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Ing wengi kang nyenyet

Sambat lan jerit wis kumlebat

Cinathet ing gurit kang liwat

Cinaket, raket, ngujiwat

Ing mripat kang tansaya mbleret

Lelakon kecut kang wis kebacut

Prasasat asat kesaut pulut

Pulut kang agawe luput

Nurut kesaut, oncat ateges kendhat

Ora saguh sambat

Kadung urip kesrakat

Mobat-mabit morat-marit

Pait,abot,ruwet, mumet, lan njlimet

Ah…Alit….

Ndhedhet iki bakal cepet kesaput

Pedhut uga bakal kesaut

Lan guritmu wis cinathet

Ingrikating suket

Nalika wayah mruput

Yogya, 5 Agustus 2011




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline