Lihat ke Halaman Asli

Ora Bisa Selak: Rasa iki kudu disuntak

Diperbarui: 26 Juni 2015   01:10

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Binareng srengenge mlethek

Lan swara ombak koclak

Lelakon kawuri wiwit kawiyak

Ora bisa selak

Senajan ta ora kepenak

Lan ana luputing tumindak

Nanging tetep wae jenak

Tetep wae bisa ngguyu ngakak

Critaku lan critamu kang wis kawuri ora bakal kabusak

Senajan ta wektu lumaku, ora bisa dioyak

Bebasanbiyen tunggak cilik lan cendhak

Saiki wis tansaya gedhe lan mundhak

Dadi tansaya angel kecandhak

Playuku lan playumu wis beda paran, adoh ora cedhak

Ah…. rasa kangen iki banjur kebak

Piye anggonku nyuntak

Pojoking ati, 12 Agustus 2011

Kanca-kanca PBSJ Unnes, kepiye kabarmu?




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline