Lihat ke Halaman Asli

Konco Plek

Diperbarui: 19 Agustus 2023   14:16

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Diary. Sumber ilustrasi: PEXELS/Markus Winkler

Halo jenengku dimas koncoku lek nyeluk aku samed lek ga ndro, aku duwe konco jenenge reyno. aku konco an ambe reyno mulai TK sampe SMA, nah reyno iki sifat e apik lan becik ambe konco -konco e, karo reyno iku ora tau  mbeda mbedano konco ambe reyno iki bocah seng iso bergaul ambe sopo ae mboh iku lanang ta wedok, tapi  reyno iki kadang- kadang yo seneng njarak koncoe, aku yo tahu di garai ambe reyno tapi aku wes biasa ae ora tak gowo ati, tapi sak nakal-nakale reyno ora tahu mbantah opo mane gelawan karo uwong tuwoe ambe arek iki nurut lek dijaluki tolong ambe uwong tuwo e. reyno yo seneng newangi koncoe seng ke susahan.

Aku lek pas wayahe sekolah aku mesti budal mbarengi reyno soale yo reyno wes ta anggep dulurku dewe. Tapi aku yo tau ambe reyno nyekip sekolah tapi iku biyen pas kelas 10 saiki wes kelas 12 wes ngurangi koyok ngunu ngunu iku, saben bel moleh sekolah aku mesti moleh bareng arek e soale reyno ambe wong tuwo e sek dorong diolehi ngowo motor ng sekolah.

Saben mari moleh sekolah biasae bengie aku dolen ambe areke mbiasa ngopi lek ga ps an nok rental kadang yo mek muter muter tapi serige aku mbe areke ngopi nok pinggir dalan. Ngunu lek mari ngopi biasa njajan nok suhat, ngunu iku ngko moleh jam 11 bengi paling mentok jam 12 bengi, aku mesti turu nok omah e areke soale omahku mbe areke sak kampung. Lek wayahe sekolah ngunu aku tangi setengah lima terus moleh ados siap budal sekolah jam 6 iku yo aku budal mbarengi reyno.

Tapi saiki reyno lek sekolah akeh surat ijine soale nok sekolahan ono event turnamen basket, nah reyno iki arek basket ben saiki lek pas wayahe moleh mesti aku moleh dewe soale reyno moleh e bari maghrib lek gak bari isya Amarga arek ben seminggu ono Latihan peng 4 ben mari sekolah.

Saiki lek areke wes moleh sekolah ora iso dijak metu Amarga areke kesel, tapi masio bendino Latihan basket mari jam sekolah sampe bengi  tapi reyno tetep semangat, reyno melu ekskul basket wes tekan SD sampe saiki areke wes duwe akeh piagam lan piala nok omah e soale arek e sering melu tournament lan sering menang

Sampe saiki aku sek koncoan ambe reyno, tapi diluk ngkas aku mbe reyno yowis lulus sekolah. Rencanae aku pingin kuliah seng reyno yo podo pingin kuiah wes duwe tujuan lan pandangan  dewe dewe, tapi aku ambe reyno janji bakal dadi konco sak lawase masio nok njobo kunu akeh konco anyar




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline