Wengi iki jam 20:46 wektu Solo, manut jam ngomahku dewe. Sing jelas, iki wes wayah wengi. Ananging dalan ing sak ngarepe omahku jan sepi mlipi, rumangsaku malah koyo satrepe omah ing pinggiran sawah.
Pancen ana siji loro kendaraan kang isih wani sliweran ngalor ngidul. Memper wae wong dalan ngarep omahku kui dalan protokol, dalan gedhe, gengz. Mbiyen biasane nek wes titi wanci malem minggu,...lhaaaah, nek dak amati, marai singunen. Bareng saiki jam pitu bengi yo sepi kaya omah ing tengahing mbulak.
Sauwise digembar-gemborke anjuran social-physical distancing, utowo boso sing dak ngerteni yo, jaga jarak, aparat keamanan lan pihak pemerintah Kutha Solo maringi dhawuh supaya kabeh toko lan wedangan, food court ing mal-mall, cafe-cafe, nganti warung-warung cilik kang ana ing emperan toko kudu tutup pas thet jam 8 bengi.
Nek wes ngunu kui, kabeh warga pancen kudu manut, miturut marang dhawuhe pimpinan. Ora usah mikir sing ora-ora, dhawuh kui mau yo kanggo apike tumrabing awake dhewe iki.
Pancen njuwarehi alias njelehi, marai bosen yen awake dewe kudu tunggu brok ing ngomahe dewe-dewe. Komunikasi mung ngandalke WhatsApp, Twitter, IG, lan sapanunggale. Ora kaya yen ketemu, mak jegagik, mesem podho mesem, guyon bareng nganti mbebes mili karo kanca-kancane....jian ...ngangeni ya, gengz.
Ngene ki, lho lur. Kudu kuat sing podho hyang-hyangan, siam rumiyin para sedherek. Prihatin. Dijaga jarake, yen pengen ketemu, yo vidcall-an dhisik, ora sah grubyak-grubyuk sak carpmu dewe.
Iklan kang kaping pindho, saiki podho dijaga awake dhewe, sing resikan. Sing ora tau adus, yo aduso, sing ora tau wijik tangan, ayo podho dibangun pakulinan sing becik.
Aku dadi kelingan jaman mbiyen, lur. Jaman simbah putriku mbiyen, mnawa aku mampir ngomah ndesa, ing sisih pojok ngarepan omah mesthi ana genthong lan gayung. Mature simbah mbiyen, sing sapa arep mlebu omah, yo podho wisuho banyu ing genthong kui mau.
Banjur aku takon, "Kersanipun nopo, to, kok kedah wijik asta lan suku, rumiyin, Ti?"
Mature simbah, kui ngono kanggo nolak bala. Jaman semono aku ora mudheng kersane simbah piye. Banjur saiki aku dadi dhonk.
Saiki, yen teka ngomah, ora banjur ndlujur mlebu kamar utawa meja makan. Pisanan, awake dewe kudu ndlujur langsung mlebu kamar mandi. Sukur-sukur, sampeyan rodo legowo atine, ing njaba ngomah diwenehi ember bekas wadah cat, sing wes direcycle, utowo diolah maneh, diwenehi kran. Ing sisihe ember kui mau bisa disiapke sabun kanggo wisuhan tangan.