Lihat ke Halaman Asli

Puisi | Pisungsung Kanggo Ibu

Diperbarui: 22 Desember 2019   21:06

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ibuku, sahabatku / foto : dokpri.

rina wengi tan kedhep netra
panjenengan tansah sumadia ing caketku
ora nate sayah...
ora nate wegah lan gerah
saben ndina sumadia waktu kanggo aku
alusing astamu...
endahing esemmu...
ora bakal ilang ing atiku
rikala semana...
ibu ngudang aku...
suk... yen wis gedhe dadi apa?
ora kepengin dadi dhokter
uga dadi insinyur
nanging, aku kepengin dadi kaya ibu
ibu, jembaring banyu segara
ora bisa nandingi atimu kang kebak pangapura
ibu, saiki aku wis mundhak dewasa
wis bisa mbedakake warna
wis bisa ngerti swarga lan nraka
nanging aku durung ngerti
nganggo apa...?
aku bakal mbales
kabeh lelabuhane ibu marang aku
sing ngemban wayah wengi lan rina
sing melasi nalika waras lan lara
esuk...
awan...
bengi...
Ibu, ndedonga
dongane ibu dadi berkah kang nyata
lelabuhane ibu ora bisa dikira-kira
ora bisa dibayar bandha lan arta
amung ing ngarsane Hyang Widi
kawula nyenyuwun
kanthi ati kang tulus lan suci
muga Gusti paring kanugrahan lan rejeki
marang ibu sing tansah dak tresnani

# 22-12-2012
#PPB
#Hari Ibu 2019
#Project Puisi Berbalas

#ProjectPuisiBerbalas

#HariIbu2019




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline