Lihat ke Halaman Asli

Kesenian Ludruk

Diperbarui: 1 Desember 2023   20:37

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Ludruk yaiku salah sawijine kesenian drama tradisional saka Jawa Timur. Seni ludruk wujud saka ngrembakane kesenian rakyat Besutan uga Lerok saka Jombang. Seni drama Besutan biyen dipentasake neng ngarep omah kang dideleng wong akeh.

Kesenian ludruk saiki dadi kesenian hiburan. Kamangka biyene kesenian ludruk iku uga dadi salah sawijine alat kanggo perjuwangan nglawan Jepang. Carane yaiku liwat pertunjukane. Saka parikan sing kondhang kaloka yaiku "pagupon omahe dara, melu Nippon tambah sengsara". Saliyane iku, uga lumantar dhialog-dhialog sajrone pertunjukan kang isine ngritik Jepang.

Pertunjukan Ludruk iki nduweni urutan penampilan. Urutane yaiku pambuka (Tari remo, Bedhayan, lan Jula-juli), Isine lakon (crita inti kang dilakokake), lan panutup (wekasane lakon). Urut-urutane iki dilakokake supaya bisa dadi pertunjukan kang apik.

Tari remo sajrone kesenian Ludruk fungsine kanggo mbukak pertunjukan. Tari remo iki ndudohake gagahe masyarakat Jawa Timur nalika ngadhepi Jepang. Bedhayan fungsine yaiku kanggo hiburan, arupa nembang lan tarian. Biasane Bedhayan diperanake dening wandu (banci). Nanging ing jaman saiki Bedhayan wis diperanake dening wong wedok. Jula-juli yaiku perangan pungkasan saka pambukane Ludruk. Isine yaiku parikan kang dilagokake. Biasane ngemot kritik sosial kang lagi viral.

Bagiyan isi, pertunjukan Ludruk nampilake lakon kang sesuai karo masyarakat Tuladhane lakon "Pak Lurah Korupsi". Saliyane iku uga bisa lakon kang ngemot bab crita rakyat, kaya dene lakon Topeng Reges. Dene panutup yaiku ngemot wekasane lakon crita kasebut. Pertunjukan Ludruk uga diiringi dening gendhing Jawa. Gamelan kang dienggo ngiringi Ludruk yaiku laras Slendro.

Pertunjukan Ludruk iki nduweni pesan moral kanggo sing ndeleng. Pesan moral iki mau disampekake lumantar dhialog-dhialog sajrone lakon. Saliyane iku uga bisa disampekake lumantar Jula-juli. Bakune, saben pertunjukan seni dhaerah mesthi ngandhut pesan moral kang bisa dadi tuladha tumrap pamiarsa (wong kang ndeleng).

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline