Lihat ke Halaman Asli

S Darmaji

Pengalaman bidang Listrik punya setifikat kementrian AK3Listrik, tapi saat ini sebagi Petani Penggiat Porang Nusantara.

Mabur Menyang Suroboyo

Diperbarui: 21 Juni 2016   17:21

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Gaya Hidup. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Rawpixel

Telung minggu kepungkur aku kudu mangkat menyang Suroboyo mergo kejaan sing kudu tak lakoni, aning ora nginep langsung balik Jakarta sorene, aku bareng karo Mr. Pak, wong Korea.

Maklum aku lagi arep nembe numpak pesawat sepisan iki, dadi ora ngerti carane urutane nganti mlebu pesawat, aning mergo kloron karo Mr. Pak sing wis biasa numpak pesawat, aku nyante wae.

Cek'in, Waiting, Boarding, aku wes klakon mlebu pesawat, karo mau thilang-thileng dewe ndelok kahanan bandara, aning aku ora nganggo moto-moto opo maneh selfie, mergo isin ndak di kiro wong ndeso, padahal pancen yo ndeso.

Mlebu pesawat lungguhane ono telung kursi sak deret, aku lungguh paling tengah, sakwetoro Mr. Pak sebelah tengenku cerak koridor, lungguhan sebelah kiwoku iseh kosong.

Aku pas nelpon bojoku nang ngomah nganggo boso jowo, pamitan arak mabur critane, gunemane karo bojoku nang telpon ‘’ Aku wes munggah pesawat, ki nek arak di catet nomer penerbangane QG 811 di eling-eling,,wes ngono wae Hpne wes kon mateni iki,” pas aku nelpon ono wong wadon menganggone rodo seksi, rodo ayu, kiro-kiro se umuranku, deweke arep mlebu kursi paling pojok cerak cendelo aku kudu metu disek,  yen aku lungguh mesthi ora cukup mergo jarak kursine mepet, maklum kelas ekonomi.

Ora suwe ono pengumuman pesawat wes arep mabur, kabeh perangkat komuniksi elektronik di kon nyipet kabeh, aku mulai deg-degan bape wes arap mabur, ora mergo jejer wong wadon rodo ayu mau.

Sepuluh menit sak wise iku, pesawat sudah mengudara alias wes mabur, aku lego, lagi aku nyopo sandingku wong wadon mau, sakwetoro Mr. Pak tak umbar wae.

“Mau pergi ke mana mbak ?” pitakonku.

“Aku apek balik Suroboyo mas” jawabane wong wadon mau nganggo boso jowo ngoko logat Suroboyonan.

“Mas’e apek nyangdi” pitakone  wong wadon mau.

“Aku apek nyang pabrik micin mbak kerjo” sautku.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline