Lihat ke Halaman Asli

Kholik

Orang Kampung yang pengin bisa nulis

Cerpen | The Ballads of Man Daslim

Diperbarui: 5 September 2019   16:31

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Sadelat maning enggal ana pemilihan lurah. Jaman saiki ora kaya mbiyen, nyalon lurah gratis, asal administrasine lengkap, bisa nyalon lurah. Tapi misale gratis be tetep ngetokna duit akeh, duit akeh kuwe mau mestine ya nggo kepenge, pendukunge, lan wong wong sing nggragas wira wiri ngandalna aji mumpung luruh udud karo panganan gratisan.

Man Daslim kuwe salah siji wong sing nyalon lurah. Bisane Man daslim wani nyalon lurah kuwe asale diucik-uciki goning jenudin sing biasa dolanan catur bareng.  Man Daslim waktu kuwe nganggo batik pecinan terus didonggrong Jenudin jare pantes nemen dadi lurah. Domong kaya kuwe Man Daslim langsung mumbul. Akhire diniatna sisan nyalon.

"Wis, pokoke bajane duit tah utang-utang mbuh apa, adol sawah, adol wedus sakandang-kandange ya kena, sing penting nyong pengin dadi lurah," jare Man Daslim waktu ditakoni bojone masalah duite.

"Sampeyan yakin, kang?" bojone takon

"Ya, yakin nemen, oh, wong jare Jenudin be nyong wis pantes nemen, ka!" sanggah Man Daslim

"Ya wislah, karepe, rika, sing penting duit belanjane nyong karo bocah-bocah kuwe aja dicatut, angger dicatut awas bae rika!"  Bojone Man Daslim ngancem, Man Daslim gur manggut-manggut.

Wis gelise cerita, aja dawa-dawa bokan bosen sing maca Man Daslim sida nyalon. Wong-wong pada teka mertamu nggal dina bae. Pacetan, udud, sega berkat nggal dina metu. Toli ana tamu sing nggara ana apa, njaluk dalan ning gange di dalai kerikil, Ana keding sing njaluk bruge dandani. Pokoke pating mbetit jalukane wong-wong. Man Daslim kalang kabut, duite saya tipis. Sawah, wedus, motor didoli kabeh. Bojone prengat-prengut angger akeh tamu.

Ora suwe, pencoblosan lurah teka. Tempate ning lapak bawang. Wong-wong sadesa pada ngumpul. Ana sing dangkuti nganggo bakyak, becak, ana sing mlaku. Pokoke rame nemen kaya ana tontonan dangdute pallapa. Giliran wis pragat, hasil suara detung. Man Daslim kalah telak. Kacek adoh suarane. Man Daslim gagioyan mlayu sabanter banter balik ning umah nangis ngosek nggerung-nggerung. 

Bojone ngamuk, dunyane entek. Dina kuwe keding bojone njaluk pegatan. Man Daslim tambah setress. Njerit sarosa-rosane. Kalah nyalon lurah, ditinggal bojone. Esuke lan dina sateruse man Daslim seneng ngomong dewek karo mlaku-mlaku ora katokan. Angger Man Daslim liwat, wong-wong pada gemboran, "ana wong edan, ana wong edan!" Man Daslim cengar cengir krungune "Lurah anyaran, lurah anyaran".




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline