Lihat ke Halaman Asli

Kholik

Orang Kampung yang pengin bisa nulis

PKH (Masih Cerita Brebesan)

Diperbarui: 30 Agustus 2019   10:48

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Dolan maring Banjaratma liwate ndelesep pinggir kali dalan sigentong luwih cepet lan penak. Dalane wis ora kaya gemiyen. Alus kaya kempole Nok Ieha pas roke kesingkab kena angin smriwing. 

Salut nyong karo Lurah sigentong, wong-wong sing olih PKH umahe ditempeli stiker tulisane penerima bantuan PKH warga sangat miskin. Ana umah sing apik terus ditempeli tulisan kaya kuwe, njrone atine nyong, kok ya ora isin ya sing duwe umah. Bojone nyong nganti umbis-umbis.

"Dih, wong pada sugih ka olih bantuan ya, priben, sih, awake dewek lah ora, padahal umah tah durung duwe kaya kiye nggamblok ning wong tuwa bae!" jare bojone nyong

"Wis sing sabar, berarti awake dewek kuwe tergolong wong mampu, ndean," Nyong nanggepi

"Mampu kepiben, gajiane rika ya pas pasan tok, wingi kae ning sekolah anake dewek ya ora olih bantuan gara gara nyangkane rika gajine gede!"

"Wis-wis, sabaar, aja kemrekel, wis ge diserahna gusti pangeran bae, kabeh-kabeh kuwe ana dalane dewek-dewek, nyong karo koen ora olih bantuan kuwe ana tandane, pengin ngerti ora?"

"Apa kuwe?"

"Tandane ya nyong karo koen kuwe dudu termasuk wong sing serakah, bantuan kuwe asline ya nggo wong sing bener-bener ora mampu, mangan nggal dinane kangelan, tapi angger ana wong sing mampu terus ngaku ora mampu kuwe tandane serakah,"

"Oh, kaya kuwe ya wis apa jare sampeyan baelah,"

Tumben bojone nyong nurut. Biasane nyela terus, apa ndean lagi bengi kas ngein jatah, tapi mbuh ding, sing penting deweke ora ngiri karo wong-wong sing olih bantuan.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline