Lihat ke Halaman Asli

Upacara Grebeg Pakujaya

Diperbarui: 29 Februari 2024   10:04

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

sukoharjonews

Ing salah sawijing wilayah Kabupaten Sukoharjo mapan ing Kelurahan Gayam, Kecamatan Sukoharjo ana taman kang rame pengunjung ing saben dinane. Taman kaasebut diarani Taman Pakujaya. Taman iki diresmekake dening Bupati Sukoharjo H. Wardoyo Wijaya, SH., MH. tahun 2009 kapungkur. Taman iki minangka ruang terbuka sing ijo kanthi akeh wit lan tanduran, mula pancen asri banget.

Nah, saben taun Taman Pakujaya tansah nganakake Upacara Grebeg Pakujaya kanggo mapag tanggap warsa enggal Islam 1 Muharam. Grebeg Pakujaya kaleksanan kanthi semarak lan meriah.

"Kegiyatan iki mujudake wujuding rasa manunggal ing antarane pedagang lan pengurus Paguyuban Taman Pakujaya. Kanthi Modal kerukunan lan persatuan, awake dhewe kabeh bakal bebarengan njaga lan ngrembakake Taman Pakujaya." Ngendikane Camat Sukoharjo, Havid Danang Purnomo Widodo.

Grebeg Pakujaya awujud karnaval kang dirawuhi dening wakil-wakil bergada saka kecamatan, RT/RW, Sekolah, organisasi ing Kabupaten Sukoharjo lan uga saka swasta melu ngramekake upacara iki. Saben bergada nampilake maneka warna macem-mecem potensi. Karya utawa potensi saben bergada bakal ditampilake lan ditandingake ing adicara iki. Salah sawijine sing ditampilake yaiku wujud gunungan, yaiku gunungan sayuran utawa palawija, jajanan pasar, lan gunungan dhuwit sing dadi rebutan ing pungkasane karnaval. Sakliyane kuwi uga dianakake panglipur kanggo masyarakat awujud pagelaran musik, barongsai, lan wahana Bus Mini Tayo.

Minurut Ketua DPRD Sukoharjo, Wawan Pribadi, Kegiyatan Grebeg Pakujaya bisa dadi kegiyatan kanggo nguripake lan nguri-uri kabuadayan lokal ing Kabupaten Sukoharjo, ancase supaya luwih mulya. Bisa nuwuhake rasa kerukuanan lan paseduluran ing antarane unsur masyarakat. Kegiyatan Grebeg Pakujaya uga bisa nguripake potensi wisata lokal lan UMKM Sukoharjo.

Dok. Radar Solo

Grebeg Pakujaya diwiwiti saka esuk jam 07.30 WIB, ngliwati ratan Dr. Suyomo, Sukoharjo. Para warga masyarakat padha rame ngebaki trotoar dalan Dr. Sutomo nganti pungkasan ing Taman Pakujaya. Para Warga  padha pengen ndeleng telung Guunungan sing diarak. Miturut Camat Sukoharjo, telung gunungan ing Grebeg Pakujaya gambarake kahanane warga ing kelurahan Gayam. Gunungan Palawija gambarake warga kang pagaweane among tani, gunungan Pakujaya kang gambarake jajanan lan asile karya warga, lan Gunungan dhuwit kang gambarake sedekah ikhlase para warga Kelurahan Gayam.

Havid ngandarake bilih telung unsur gubungan ing Grebeg Pakujaya kuwi minangka wujud syukur marang Gusti kang Murbeng Dumadi saka warga masyarakat ana ing pengetan siji Suro. 




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline