Lihat ke Halaman Asli

Ko Si Siapa?

Diperbarui: 24 Juni 2015   20:51

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

KO SI SAPA?

Wayah wengi jam 9-an, Desa Banyuasri wis katon sepi. Umah-umah wis pada nyumedi teplok, tandane arep pada mapan turu. Nang sajroning umah, Kardiman lagi bingung ora ketulungan. Rumah tanggane karo bojone sing jenenge Salyati agi sering padu, cekcok, kabeh gara-gara faktor ekonomi. Gaji sewulane dadi guru bantu nang SD wis ora cubak karo butuhe saben dinane. Padahal deweke wis dibela-belani dodolan sapuada nang warung-warung lan kanca guru. Puluh-puluh niate go mbantu nyokong kebutuhan dapur.

“pokoke… angger kaya kiye terus, aku njaluk pegat!!”

Kata-kata kie sing terngiang-ngiang, mbengungung kayong tawon baluh nang pikirane Kardiman. Awan ora tenang, wengi gemlasah ora teyeng turu.

***********

Kardiman mlaku ngetan, sing di tuju umahe Mbah Marto. Mbah Marto kiye manten lurah Banyuasri, kenal apik karo Kardiman. Sewise ora dadi lurah, Mbah Marto saiki dadi tokoh masyarakat, sering dijaluki pendapate nang warga Banyuasri babagan apa bae sing dadi masalah nang wargane. Pokoke niate Kardiman arep gendu-gendu rasa, masalahe deweke.

Tok…tok..tok….”kula nuwuuunn…”

“Sapa ya….?” Ana sing nyaut sekang njero

“Kulo Mbah,…...Kardi..”

“ Kardi…?  Kardi sapa?”

“Lha…Mbah Marto nopo supe, kulo Kardi guru SD….”

“Aku ora takon pegaweanmu…aku gur takon ko si sapa??”

Kardi mulai bingung, maksude mbah Marto apa. Ora mbukak lawang tapi malah takon ‘ko si sapa’

“Lha niki Kardi mbah…ingkang mbojo kalian Salyati…”

“Aku ora takon bojomu…aku ora takon Salyati…aku gur takon, ko si sapaa?”

Kardi tambah bingung, mikir, ngira-ira apa mbah Marto agi glewehan

“Kulo Kardi, guru SD, jalere Salyati ingkang saben enjang liwat mriki, ngajar teng SD mbah…”

“Gyeh rungokna ya Kardi…aku ora takon jenengmu, pangkatmu, bojomu, pegaweanmu…..

Aku gur takon ko si sapa? Jajal dipenggalih ya…ngesuk ngeneh maning nek wis ngerti jawabe!”

Amleng…..suara sing nang njero wis ora ana. Kardi balik kanan. Bali maring umahe. Sepanjang jalan mlaku karo mikir..mikir lan mikir…apa maksude Mbah Marto dikon ngonceti ko si sapa??

Rampung.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline