Lihat ke Halaman Asli

Pak Guru Kardi Kondangan

Diperbarui: 25 Juni 2015   00:26

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Pak Kardi wis adus, sempongane mlipit. Dina kiye nganggo batik anyar, rep kondangan nggone Pak Tarman, kanca guru sing lagi duwe gawe nyepiti anake. Omahe Tarman ora patiya adoh, dadi gur mlaku ora nyepeda kaya biasane. Urung tekan sing duwe gawe ijig-ijig ana wong wadon nyegat, Yu Narsih.

"Pak Guru....niki kula bade titip serat kangge dinten Senen, anake kula Soleh nyuwun ijin bade teng Jakarta." Yu Narsih ngomong karo ngulungaken surate.
"Loh sih...anu ana apa?" Kardi takon
"Larene terose mpun kangen bapane, bada kolo wingi mboten wangsul" Yu Narsih njelasaken.
"Ooo..kaya kuwe...ya wis ngeneh..." Kardi nampani surate, njur nglanjutaken mlakune tekan nggone Pak Tarman.

Wis dadi umume nek kondangan nang desa ora suwe-suwe. Bareng wis medang lan madang Kardi pamitan karo sing duwe gawe, salaman ora lali salaman tempel, nguselaken amplope. "Maturnuwun ya pak..." Tarman nrima amplope. Kardi gur manthuk karo mesem.

Tekan ngumah Kardi njuran ucul-ucul. Batike sing esih anyar dihanger, disimpen lemari. Esih nganggo singlet bojone nyusuli nang mburine karo ngomong.
"Pak...mau deneng ana Yu Narsih maring ngeneh....nggoleti njenengan...jerene surat ijine Soleh ora sida. Bapane wis gutul, dadi Soleh ora mangkat Jakarta...."

Deg...!
Ora kosi tutug bojone olehe ngomong...kardi njuran gragap-gragap.....batike sing anyar dijikot maning....ditiliki sake.

"Jabang bayi......!" Kardi kaget setengah mati....
"Anu ana sih sih pak.....!? Bojone melu kaget.
Kardi ngadeg kaya patung.....raine mandan pucet, mbayangna mengko Guru Tarman mbukak amplop sing sekang aku isine dudu duit, tapi...........

Kepada Yth.
Wali Kelas SD
di tempat

Dengan hormat,
Saya yang bertanda tangan di bawah ini adalah orangtua dari murid yg bernama:
Soleh...bla.....bla....bla.....




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline