Lihat ke Halaman Asli

Mbah Panut Dudu Panutan

Diperbarui: 25 Juni 2015   08:27

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

"Woooow ... dasar teklek kecemplung kali,wis tuwek malah ndadi. Mbah Panut ... mbah Panuut. Ora nyebut ... rumangsa jaran sejatine marmut, rumangsa dadi babut padahal mung dadi kasut, rumangsa wutuh ning nyatane wis kisut, mbah panut ... mbah panut"
"Ana apa to Gong. Lha kok ngrasani uwong liya, bengak bengok nggriseni kuping. Ana apa karo mbah Panut Gong ?"
"Lha inggih ta Rama, mestine Rama ya wis pirsa tumindake Mbah Panut kae. Ing atase wis sepuh lha kok ya ora sadar sadar. Lha wis tuwa kaya ngono, wis mambu lemah, lha polahe kok petakilan kaya ngono"
"He he he ... apa maneh polahe Mbah Panut Gong"
"Lha niku ta Ma, kandane Lik Paijo bapake Srintil, Mbah Panut wis nembung Srintil didadekna bojo. Padahal bojone wis teng tlecrek ning endi endi, wis ora kaetung maneh, umure Mbah Panut wis ngancik 80-an, lha kok ijek ngumbar nepsu kaya ngono. Apa ya ilok ta Ma. Jenenge wae panut, ning ora isa dadi panutan kanggo wong enom. Kepripun kuwi Ma ?"
"Ya kuwi Le, cah Bagus putraku Bagong, yen donya didadekna tujuan hidup. Pikirane mung donya ... donya lan donya ra ana liya. Sing digagas mung banda, nepsu lan pangkat wae, sing miturute ya kuwi sing dadi tolok ukur derajate wong bebrayan. Yen sugih banda, pangkate duwur, bojone uakeh, rumangsane uripe sukses. Ora peduli bandane asale saka tumindak sing ora becik, pangkate oleh saka milara liya, kabeh ditindakake amarga pikirane wis kebak rereget."
"Yen ngono Gusti Allah kuwi ora adl ta Ma ?"
"Karepmu piye Le ?"
"Lha iya ta, wong sing ora jejeg malah diparingi samubarang, ya banda, ya pangkat. Bareng wong sing tumindak apik malah uripe nandang cingkrang wae."
"Ora sesederhana kaya mengkono Gong. Mengko awakmu bakal ngerti dhewe yen wis nglakoni urip kaya Ramamu iki. Sakjatine yen manungsa kuwi urip normal, nglakoni kanti temenan lan istiqomah, isa nemokake sejatine urip. Ora bakal lena marang gumebyare donya sing pancen mung semu. Ora bakal kencut marang kaendahaning nepsu sing ya mung sekejap. Sing di tuju yo mung kaendahan saka Gusti ALLAH kang anane sejati."
"Wah durung tekan pikiranku Ma"
"Ngene Le, ibarat membangun dan menikmati sebuah orkestra kehidupan yang diciptakan oleh Gusti ALLAH itu, kemampuannya tidak dapat diperoleh seketika begitu saja. Lahir mak procot langsung dapat melihat kemaha perkasaan Gusti ALLAH. Semuanya dilalui melalui proses dan laku utama dengan syarat manungsa kudu tansah pasrah marang kekuasaan Gusti. Manungsa mung sakderma nglakoni, Gusti ingkang nentoke. Ibarate anak anak nek ndelok urip mung kaya titik, satu dimensi, pergerakan titik dadi garis. Nginjak dewasa pikirane mulai berkembang, daya imajinasinya mulai membentuk 'bidang' dua dimensi. Ngancik sepuh sejalan dengan pengalaman hidupnya semakin luas, pandangannyapun lebih luas lagi menjadi tiga dimensi, lebih komprehensif dalam berfikir dan bertindak. Lha nek wis tuwane tuwa maka manungsa wis isa ngracut dimensi RUANG dan WAKTU. Makhluk wis cerak karo KHALIQ."
"Wah tambah mumet aku Ma"
"Ya ora apa apa memang pancen durung wektumu. Kahanan sing tak critake mau ana syarate yaiku manungsane kudu istiqomah ana ing bebener cerak karo pangerane"
"Lha nek Mbah Panut kae piye Ma ?"
"Mestine kowe wis isa mbedek tha ?"




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline