"Opera van Java"
(Modern Ora Kudu Lali Budayane)
Dicritakno ono ing sawijining desa sing reja budaya Jawane. Bocah-bocahe akeh sing podho nguri-uri budaya Jawa, salah sawijining yoiku dolanan khas tradisi leluhur koyo toh dakon, jamuran, engklek, cublak-cublak suweng, gobak sodor, lan sakpiturute iku dadi kebiasaane bocah-bocah kanggo ngisi wektu luang. Opo maneh wanci wulan purnama, bocah-bocah akeh sing podho metu soko ngomah sakwise rampung anggone podho sinau. Padhange rembulan nambahi semarake bocah-bocah sing podho rame dolanan sinambi bungah geguyonan. Kahanan uriping ndesa sing reja iku mau mulai sithik-sithik ilang nalika katekanan Brandon, bocah anyar pindahan soko Jakarta. Bocah-bocah ndesa akeh sing podho kepincut tingkah polahe Brandon sing dianggep “anak modern”, lan mulai nganggep budaya tradisional iku wus ketinggalan jaman. Kepriye cerita saklanjute, monggo langsung menyang Te-Ka-Peee…..
Alur I
- Gambaran masyarakat tradisional
- Teka Brandon, kemaki, mbujuki kanca-kanbane
- Satriyo lan Sulistyani ora terpengaruh. Bocah-bocah liyane akeh sing terpengaruh. Gito lan Panjul sing bocahe ora duwe pendirian, malai mbingungi melu kono lan melu kene.
Bocah-bocah sing terpengaruh Brandon iku podho mulai seneng dolan lali wektu. Mulih sekolah ora langsung podho mulih ngomah, malahan podho dolan ono ing warnet sakperlu onlen, chating, lan game onlen. Kejobo iku, bocah-bocah lanang sing podho ngaku gaul iku uga lali wayah maen playstation, mulih wanci magrib nganti lali pagawean ngrewangi wong tuwa lan kewajibaning kudu sinau. Kepriye tingkah polahe bocah-bocah gaul iku mau, monggo tanpa iklan langsung meluncur menyang Te-Ka-Peeee….
Alur II
- Bocah-bocah podho gaul (ps, chatting, game onlen)
- Pake Parjo marani menyang tongkrongane bocah-bocah iku mau