Lihat ke Halaman Asli

Bramantya Akbar Dewanto

Profesi saya sekarang ini adalah Guru Ngaji

KAWONTENAN LAPANGAN VOLI ING BHAWIKARSU

Diperbarui: 22 Agustus 2023   13:34

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

SMA Nagari 3 Malang utawi Bhawikarsu inggih punika sekolah paling sae ingkang wonten ing kitha malang ingkang nggadhahi alamat ing ratan Sultan Agung No. 7, Klojen, Kecamatan Klojen, Kitha Malang.

SMA Nagari 3 Malang utawi Bhawikarsu ugi nggadhahi setunggaling fasilitas inggih punika lapangan voli ingkang papan ing ngajeng mushola bhawikarsu lan gazebo lebet. lapangan voli ing bhawikarsu piyambak puniki sampun ngangge standar dolanan lan olahraga bal voli mila ukuran lapangan, inggil jala, ngantos garisipun cocog kalih standar olahraga voli.

Lapangan voli Bhawikarsu nggadhahi bentuk persegi panjang lan dipunperang dados kalih perangan kalih net ingkang disokong kaping kalih tiang tengen lan kiwa. Inggil saking net lapangan voli bhawikarsu piyambak inggih punika sawentawis 2 meter. Ing lapangan voli ugi wonten ingkang naminipun garis serang ingkang ukuranipun kedah 3 meter. Wonten ugi laladan utawi zona kangge menghalau bal , ingkang perangan wingkingipun ukuran 3-8 meter lan sisinipun 3-5 meter. Jarak tiang net kalih garis iringaning lapangan voli sawentawis antawis 0,5 dumugi 1 meter.

Lapangan voli Bhawikarsu ngangge warni ingkang kontras. Tujuanipun supados wasit lan pemain langkung gampil mbentenaken bal mlebet kalih bal medal. Kangge garisipun ngangge warni pethak. Dene warni lapangan lan laladan garis serang lapangan voli Bhawikarsu ngangge warni jene lan jingga.

Lapangan voli puniki ugi sanget sanget gadhah gina wanci tabuh wucalan pjok lan ekskul voli amargi kangge kegiatan voli lan badminton, nanging lapangan voli dipunangge kangge dolanan badminton amargi aula tugu saweg wonten kegiatan utawi dipunangge sekolah sanes.

Kejawi kangge olahraga, lapangan voli ugi gadhah gina sanget kangge pinten-pinten event ing bhawikarsu kados B-Night kangge papan lenggah penonton lan sie acara, BSL kangge papan latihan para siswa sedaya angkatan, B-Market kangge papan sadean, mpls kangge papan penyambutan angkatan enggal, HUT Smanti kangge papan siswa lan siswi nglampahaken upacara HUT, lan pinten-pinten fungsi sanesipun.

Lapangan voli Bhawikarsu piyambak ugi inggih punika papan menarik kangge dipuntedahaken kalih dhayoh - dhayoh saking jawi SMA Nagari 3 Malang, saha angsal dipunangge kangge sparing antar sekolah amargi amargi lapangan voli ing SMA Nagari 3 Malang. Amargi saged dipunetang lapangan voli ing SMA Nagari 3 Malang puniki taksih dipunetang sae sanget lan prayogi angge kangge ajang lomba utawi namung - namung sparing.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline