Lihat ke Halaman Asli

Gurit Syu

Diperbarui: 26 Juni 2015   03:48

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

13102056661650757144

[caption id="attachment_118894" align="aligncenter" width="290" caption="Foto dari nonadd.wordpres"][/caption]

Syu... lerena,

Rungokna guritku iki
Dikancani wedang kopi
Dianggit malem Jemuwah
Ing ngisor wit pinggir sawah

Nalika semana wulane bunder
Aku kepikiran kowe sing terus miber
Critamu saka Malang terus Yogja
Rong ndina ing Semarang sewengi tekan Surabaya.

Syu... lerema,

Wong edan ora empan papan
Apamaneh babagan katresnan
Aja mbok anggep aku mung dolanan
Ora tedheng aling-aling aku ngaku kepranan.

Dhadhaku krasa sesek nahan lingsem
Ngenteni lambemu ngetokke esem
Jeng, tresnaku mono saendhas mriyem
Mula kapan sliramu gelem bareng angrem
aja kuwatir mesthi sun gawe marem
ha ha ha ha ha syu!

Syu... mandhegga,

Rupamu pancen ayu
Mulane kowe ora kuwatir yen ora payu
Dasar esemu paite madu
Sapa uninga mesthi langsung gandrung kapirangu.

Ora kuwat nahan rasaning ati
amit-amit jabang bayi
kanggo kowe dhiajeng yayi
sun rapal mantraku iki
i, n, g diwaca ing
s, u, n diwateg sun
niat ingsun arep ngesun
ha ha ha ha ha syu!

Syu... tidhema,

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline