Lihat ke Halaman Asli

Bambang Subroto

Menikah, dengan 2 anak, dan 5 cucu

Ajining Raga Gumantung Endahing Busana

Diperbarui: 29 Agustus 2022   19:55

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

"Paris Fashion" 1960 karya Wolfgang Kunz  -  Bersumber dari twitter ParisAMDPars

Manungsa menika ajinipun saged kados godhong aking. Kumleyang entheng, kabur kanginan sak paran-paran.

Supados sak kelangkung kinurmatan, wonten ingkang ngadi sarira,  ngagem busana ingkang endah ing warna. 

Ngaurip lajeng kagelar, gemebyar wungkusipun. Cumlorot wonten ing telenging netra. Kasirep, madhep mantep hangresepi.

Kagem para paraga, menika margi supados kondhang kaloka. "Fama volat, misuwur iku mabur". Ndedel ngantos sundul langit. Jor-joran sinten ingkang paling ayu, lajeng kemayu.

Sedaya kala wau amung wedhak pupur. Saged kemawon dipun  dadosaken bibit kemunafikan. Aslinipun mboten mekaten, ananging dipun damel benten. Busana menika rerenggan ingkang saged ngapusi. Pramila kedah ngati-ati.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline