Lihat ke Halaman Asli

Bambang Subroto

Menikah, dengan 2 anak, dan 5 cucu

Dudu Sapane, Nanging Apan

Diperbarui: 2 Agustus 2022   19:07

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dokumentasi pribadi Besubroto

Donya iku kaya dalan. Kudu diambah sak mestine. Nora kekudhung walulang macan. Luwih becik apa anane.

Menawa diparingi kuwasa, seneng nglalang pringga. Njajah desa milang kori. Mangerteni ruwet rentenging urip.

Seneng ngangsu kawruh. Nek nemoni perkara ora mung misuh lan nambahi kisruh. Adoh saka nganyut tuwuh. Kagawa ilining toya, ilang tanpa rupa.

Sapa wae kang lumaku ngambah dalan, kudu sumurup ing ngarep. Benere wong urip, durung karuwan pener. Lupute wong urip, lali mring uripe dhewe. 

Ora gelem kalah apa maneh ngalah. Banjur udhu dhuwit, supaya tetep kondhang ora wirang. Anut grubyug kadya budhalan wayang. Mlaku magita-gita, kebelet sinengkakake ing ngaluhur.

Mampang mumpung. Tan mandheg mangu. Sok lirwa, ndonya saiki wis owah gingsir. Banjur nglali marang sapadha-padha tumitah.

Sing penting kuwi sak jane dudu sapane, nanging apa tumindake. "Non quod sed quomodo".




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline