Lihat ke Halaman Asli

Bambang Subroto

Menikah, dengan 2 anak, dan 5 cucu

Dewaruci Ngupadi Jati Diri

Diperbarui: 15 Juli 2022   22:01

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dewaruci  - Dokpri Besubroto

Ngupadi kayu gung susuhing angin, iku mburu werdining karep kang ageng agung. Jalaran tindak culika, ananging malah dadi tekad sing kayungyun marang kasampurnaning ngaurip.

Amerga bisa ngalahak kekuatane dewa loro cacah, Bratasena kaparingan jimat arupa ali-ali, dinh bisa nambahi daya kadigdayan, nganti bisa slulup tekan dhasaring samudra. Iku karana "sesotya mustika manik candramawa".

Wondene werdining kayu gung, yakuwi kajeng utawa karepe ati. Bakal tinemu kanthi manekung, mangerti marang asaling dunung, kanthi nutupi babahan hawa sanga kanthi cara kang agung.

Saumpama kadulu, nora dinulu. Ana ganda nora kaambu. Hangampet sarip saha sesuker.

Lakon Dewaruci ing pewayangan iku kebak tuladha, yakuwi bab sangkan paraning dumadi, saha manunggaling kawula Gusti.

Sing kawedhar, kurungan kadonyan awujud tindak culika iku bakale murca, nalika manungsa bisa uwal saka pangiketing rasa kumawasa.

Nalika isih diparingi urip, kanthi lelambaran sucining ati, tetep asung tuladha nganti jaman saiki.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline